Jumat, 05 April 2024

Penting ipun Nepung Sanak Lan Ridha Tiyang Sepah Kekalih

 

Penting ipun Nepung Sanak Lan Ridha Tiyang Sepah Kekalih



(Seri Khutbah Idul Fithi)

Hadirin jama’ah idil fitri ingkang winulyo,

Monggo wonten ing kesempatan dinten riyadin ingkang kebak barakah meniko, kito tansah ningkataken anggen kito iman lan taqwa wonten ngerso dalem Allah swt. kanthi sekiat mungkin, nindaaken nopo ingkang dados printahipun ugi nebihi dateng sedoyo awisan ipun. Estu kanthi modal iman lan taqwa kito badhe nemahi panguripan ingkang sekeca, wonten dunyo langkung-langkung wonten akhirat.

Hadirin jama’ah idil fitrhi ingkang winulyo,

Monggo kitho sami sukur dumateng Allah swt., dene menopo kulo lan panjenengan sami saat meniko kaparingan nikmat ingkang ageng sanget. Sak ba’danipun kulo panjenengan dipun tatar kanthi nglampahi siyam wonten wulan Ramadhan, saat meniko kulo panjengan dipun paringi panjeng yuswo sehingga saget nyampurnaaken ibadah shiyam lan pinanggih Kaliyan idil fithri. Dinten ingkang kito sambut kaliyan ngegungaken asmanipun Allah, kanthi maos takbir. Allah swt. ngendiko wonten Al-Qur’an Al-Karim:

وَلِتُكْمِلُوا الْعِدَّةَ وَلِتُكَبِّرُوا اللَّهَ عَلَى مَا هَدَاكُمْ وَلَعَلَّكُمْ تَشْكُرُونَ

Artosipun: “Lan becik podo nyampurnakno siro kabeh ing wilangane (poso Ramadhan), lan becik pada ngengungno siro kabeh marang Allah (kanthi moco takbir) marang opo kang wus Allah tuduhaken marang siro kabeh supoyo siro kabeh dadi wongkang podo syukur.” (Qs. Al-Baqarah (2); 185).

Allahu Akbar-Allahu Akbar-Allahu Akbar Walillahilhamdu

Jama’ah idil fithri ingkang winulyo,

Idil fihtri boten namung ngagem ageman sarwo indah, daharan ingkang eco, ugi unjukan ingkang sarwo eco. Ananging ingkang langkung utami, iman, taqwa, lan ketha’atan kulo panjengan sami, soyo ningkatipun. Panjenenganipun Syaikh Abu Yazid Al-Busthami dawuhaken:

ليس العيد لمن لبس الجديد ولكن العيد لمن طاعته تزيد

Artosipun: “Riyoyo iku dudu kannggone wong seng nyandang sarwo anyar, tapi riyoyo iku kanggo wongkang podo tambah tha’ate.”

Allahu Akbar-Allahu Akbar-Allahu Akbar Walillahilhamd,

Jama’ah idil fithri ingkang winulyo,

Wonten riyadin fithri meniko, monggo kitho sami ningkataken silaturahim. Silaturhim meniko wigatos sanget kagem kulo lan panjenengan sami minongko tiyang islam. Saking wigatosipun silaturahim wonten salah setunggalipun hadis qudsi dipun dawuhaken:

قال اللهُ عَزَّ وجَلَّ: أنا الرَّحمنُ، وأنا خلَقتُ الرَّحِمَ، واشتَقَقتُ لها مِنَ اسْمي، فمَن وصَلَها، وصَلَهُ اللهُ، ومَن قطَعَها بتَتُّهُ

Artosipun: “Allah ‘Azza wa Jalla ngendiko: Ingsun (Allah) Dzat kang Rahman, lan ingsun (Allah) Dzat Kang nitahaken rahim, lan ingsun dadeaken “rahim” songko asma-KU, sopo wongkang nepung silaturahim, Allah mesti nepung (marang deweke), lan sopo wonge medot (silaturahim), Allah bakal ngejak ake (marang deweke).” (HR. Ahmad)

Milo saking meniko, wigatos sanget kagem kulo lan panjenengan sami, sami nglestareaken silaturahim. Memang wonten saklebetipun sesrawungan wonten ngalam dunyo meniko, kados-kados mboten mungkin menawi kulo lan panjenengan sami mboten kelaran kanthi tiyang linthu, semanten ugi, kulo lan panjenengan sami mboten mungkin menawi mboten nathe nglarani atinipun tiyang lintu. Milo saking meniko idil fithri dados kesempatan ingkang sahe kagem kulo lan panjenengan sami dandosi silaturohim. Silaturahim dumateng tiyang sepah khususipun, sanak raket, tonggo tepaleh, guru,  konco, lan sak panunggalanipun. Langkung-langkung dateng tiyang sepah kekalih khususipun kagem ingkang sampun kagungan garwa. Sampun ngantos, tiyang sepuh nyatroni mantu, kosok wangsulipun mantu nyatroni marang marasepuh. Menawi taksih wonten tiyang sepah ipun, sahe tiyang sepahipun piyambak, utawi morosepah, menawi saget enggal dipun silaturahimi, perlu nyuwun ridha nipun. Jalaran ridhanipun piyantun sekawan meniko ingkang badhe dadosaken sahenipun gesang wonten dunyo. Kosok wangsulipun bendhu nipun piyantun sekawan meniko badhe dadosaken susah ipun panguripan tumrap tiyang ingkang sampun kagungan keluargo. Monggo sami dipun angen-angen dawuhipun gusti Kanjeng Nabi saw:

عن عبد الله بن عمرو رضي الله عنهما قال: قال رسول الله صلى الله عليه وسلم: "رضى الله في رضى الوالدين. وسخط الله في سخط الوالدين" أخرجه الترمذي. وصححه ابن حبان والحاكم.

Artosipun: “Saking Abdullah bin Umar ra. Piyambakipun dawuh, Rasulullah saw dawuh: Ridhone Allah, den gantungake marang ridhane wong tuwo loro, bendhune gusti Allah den gantungaken marang bendhune wong tuwo loro.” (takhrij Al-Turmudzi, dipun Shahihaken Ibnu Hikam lan Hakim).

Menawi kulo lan panjenengan sami dereng saget dadosaken tiyang sepah kekalih bahagia, sampun ngantos kulo lan panjenengan sami nyusahaken dateng kekalih ipun. Sami ugi tiyang sepah piyambak utawi moro sepah. Menawi kulo lan panjenengan sami saget pikantuk ridha nipun in syaa Allah kulo panjenengan bade nemahi kesaenan dunyo lan akhirat. Kosok wangsulipun menawi kulo lan panjengenan namung dadosaken gelanipun manah tiyang sepah kekalih alamat dados ciloko dunyo lan akhirat.

Allahu Akbar-Allahu Akbar-Allahu Akbar Walillahilhamd

Jama’ah idil fithri ingkang winulyo,

Mugi-mugi ing dinten riyaden fithri meniko kulo lan panjenengan sami dados tiyang ingkang fithri, tandanipun soyo mindak kesaenan lan ketaqwaan kulo panjenengan. Lan mugi-mugi kulo panjengan dados tiyang ingkang sami dipun ridhani tiyang sepah kekalih kulo lan panjenengan sami, lan sak wanci Allah nimbali kulo lan panjenenangan sami, Allah paring husnul khatimah. Aamiin.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar