MC Yasinan
السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
بسم الله الرحمن الرحيم الحمد لله رب العالمين وبه
نستعين على أمور الدنيا والدين والصلاة والسلام على أشرف الأنبياء والمرسلين سيدنا
ومولانا محمد وعلى أله وصحبه أجمعين لاحول ولا قوة إلا بالله العلى العظيم أما بعد
Dumateng bapak
alim ulama’ ingkang kawulo hormati
Bapak pimpinan
jam’iyyah yasinan ingkang kawulo hormati
Shahibul bait
sekeluargo ingkang kawulo hormati
Ugi mboten
kesupen dumateng sedoyo hadirin jama’ah yasinan sahe bapak-bapak, konco remaja
ugi kanak-kanak ingkang kawulo tresnani
Sepisan monggo kito tansah muji syukur wonten ngerso
dalem Allah Swt dene menopo ngantos dalu meniko, kulo soho panjengengan sami
dipun takdiraken saget kempal manunggal wonten meniko papan pinarakan, saperlu
sareng-sareng nindaaken kegiatan rutin kulo lan panjenengan sami maos surat
Yasin pendak-pendak malem jum’at.