خُطْبَةُ
عِيْدُالْفِطْرِ
1446 H / 2025 M
Tiyang Ingkang Sami Dipun Kangeni Suargo
Dr. Muhamad Fatoni, M.Pd.I.
اللهُ
أكْبَرْ ,3xاللهُ
أكْبَر x3
,للهُ
أكْبَرْ x3, لاَإلَهَ إلاَّ اللهُ وَاللهُ أكْبَرْ ,
اللهُ أكْبَرْ
وَلِلَّهِ الْحَمْدُ. الحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ بِنِعمَتِهِ
تَتِمُّ الصَّالِحَاتِ الَّذِيْ هَدَانَا لِهَذَا , وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ
لَوْلاَ أنْ هَدَانَا اللهُ ، أشْهَدُ أنْ لاَإلَهَ إلاَّ اللهُ وَحْدَهُ
لاَشَرِيْكَ لَهُ , الَّذِيُ خَصَّنَا بِخَيْرِ كِتَابٍ أُنْزِلَ, وَأَكْرَمَنَا
بِخَيْرِ نَبِىٍّ أُرْسِلَ, وَأَتَمَّ عَلَيْنَا النٍّعْمَةَ بِأَعْظَمِ دِيْنِ
اْلإسْلاَمِ ، أليَوْمَ أكْمَلْتُ لَكُمْ دِيْنَكُمْ وَأتْمَمْتُ عَلَيْكُمْ
نِعْمَتِيْ وَرَضِيْتُ لَكُمُ اْلإسْلَمَ دِيْنًا ، وَ أشْهَدُ أنَّ مُحَمَّدًا
عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الَّذِيْ أَدَّى اْلأَمَانَةَ وَبَلَّغَ الرِّسَالَةَ
وَنَصَحَ اْلأُمَّةَ وَتَرَكْنَا عَلىَ اْلمَحَجَّةِ اْلبَيْضَاءِ لَيْلُهَا
كَنَــهَارِهَا ، لاَيَزِيْغُ عَنْهَا إلاَّ هَالِكٌ, أللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ
وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ النَّبِيِّ اْلكَرِيْمِ وَعَلَى آلِهِ
وَصَحَابَتِهِ الطَّاهِرِيْنِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإحْسَانٍ إلَى يَوْمِ
الدِّيْنِ . أمَّا بَعْدُ, فَيَا
عِبَادَ اللهِ ! اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إلاَّ
وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ وَافْعَلُوا الْخَيْرَ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ,
وَاعْلَمُوْا أَنَّ يَوْمَكُمْ هَذَا يَوْمٌ عَظِيْمٌ وَعِيْدٌ كَرِيْمٌ, قَالَ
اللهُ عَزَّ وَجَلَّ :
وَلِتُكْمِلُوْا العِدَّةَ وَلِتُكَبِّرُوا اللهَ عَلىَ مَا هَدَاكُمْ
وَلَعَلَّكُمْ تَشْكُرُوْنَ :
اللهُ أكْبَرْ، اللهُ أكْبَرْ،
اللهُ أكْبَرْ، وَلِلَّهِ الْحَمْدُ
Hadirin Jama’ah Idil Fithri ingkang winulyo...
Monggo wonten ing sak lebet ipun wekdal ingkang
winulyo meniko, kito tansah ningkataken anggen kito iman lan taqwa wonten
ngerso dalem Allah Swt. kanthi sekiat mungkin nindak aken nopo ingkang dados perintah
ipun ugi nebihi dumateng nopo ingkang dados awisan ipun. Estu kanthi modal iman
lan taqwa kito bade dados tiyang ingkang bejo wonten sak lebet ipun gesang
wonten alam dunyo, langkung-langkung rikolo kito sami kundur sowan wonten ngarso
dalem Allah Swt.
Jama’ah Idil Fithri ingkang winulyo...
Lan monggo kito sami syukur dumateng Allah Swt.
atas sedoyo kenikmatan, ugi anugerah ipun, kulo lan panjenengan sami, saget
nyampurnaaken shiyam Ramadhan, akhiripun saget pinanggih kaliyan Idil Fithri.
Allah Swt. ngendiko wonten Al-Qur’an Al-Karim:
وَلِتُكْمِلُوا
الْعِدَّةَ وَلِتُكَبِّرُوا اللَّهَ عَلَى مَا هَدَاكُمْ وَلَعَلَّكُمْ
تَشْكُرُونَ (185)
“Lan becik
podho nyampurnakno sliramu kabeh marang wilangan (poso) lan becik podo
ngagungno sliramu kabeh marang Allah marang opo kang wus Allah tudhohaken
marang sliramu kabeh lan supoyo sliramu kebeh podo syukur”. (Qs. Al-Baqarah
(2); 185)
اللهُ أكْبَرْ، اللهُ أكْبَرْ،
اللهُ أكْبَرْ، وَلِلَّهِ الْحَمْدُ
Jama’ah Idil Fithri ingkang winulyo...
Enjang meniko kulo dalah panjenengan sami,
kempal manunggal wonten masjid meniko kanthi betho manah ingkang bingah.
Jalaran sak sampun ipun kito dipun “tatar” selami setunggal wulan muput, kanthi
nglampahi shiyam, kito lumebet wonten dinten ingkang kebak barokah, inggih
meniko dinten idil fithri. Dinten ingkang sinten kemawon rikolo saklebet ipun Ramadhan,
nindak aken shiyam kanthi iman lan mligi murih datheng ridhonipun Allah, dipun
jamin wangsul suci kados dene rikolo dipun lahiraken saking gua garba nipun
ibu, ateges lebur dosanipun. Rasulullah Saw. dawuh:
مَنْ
صَامَ رَمَضَانَ إيْمَانًا وَاحْتِسَابًا غُفِرَ لَهُ مَا تَقَدَّمَ مِنْ ذَنْبِهِ
“Sing sopo wonge poso Ramadhan kerono
iman lan murih ridhane (Allah), dipun sepura doso-dosone kang wus kliwat”. (HR.
Imam Muslim).
Milo shiyam mboten namung ninggal dhahar,
ngunjuk, ugi lintu-lintunipun ingkang mbatalaken ananging shiyam kedah dipun sarengi
sarono iman lan niat mligi murih ridhanipun Allah Swt.
اللهُ أكْبَرْ، اللهُ أكْبَرْ، اللهُ أكْبَرْ، وَلِلَّهِ الْحَمْدُ
Jama’ah Idil Fithri
ingkang winulyo...
Idil fithri mboten namung sekadar kitho ngagem
sandangan sarwo enggal, dhaharan ingkang eco, ananging haqiqatipun idil fithri
meniko kagem ingkang nindak aken shiyam Ramadhan lan dipun paringi ningkat
tha’atipun. Kados dene pangendikan ipun Ibnu Rajab wonten kitab Lathaiful
Ma’arif:
ليس
العيد لمن لبس الجديد، انما العيد لمن طاعته تزيد، ليس العيد لمن تجمل باللباس و
الركوب انما العيد لمن غفرت له الذنوب.
“Riyoyo iku dudu kanggo wong kang gawe
sandangan anyar, riyoyo iku kanggo wong kang tambah tha’ate, riyoyo iku dudu
kanggo wong sing pepahes kanthi sandangan lan tumpak an, riyoyo iku kanggo wong
kang den sepuro dosane”.
Milo sak umpami wonten tiyang ingkang
sandanganipun enggal, dhaharan ipun eco, kendaraan ipun enggal, dalem ipun
dipun cat kanthi sahe, ananging rikolo Ramadhan piyambak ipun mboten purun
nindaaken shiyam, haqiqat ipun tiyang meniko mboten idil fithri.
اللهُ أكْبَرْ، اللهُ أكْبَرْ، اللهُ أكْبَرْ، وَلِلَّهِ الْحَمْدُ
Jama’ah Idil Fithri Ingkang Winulyo...
Wonten Idil Fithri ingkang kebak barokah
meniko, monggo kito angen-angen dawuh Kanjeng Nabi Muhammad Saw.:
الْجَنَّةُ
مُشْتَاقَةٌ اِلَى أَرْبَعَةِ نَفَرٍ : تَا لِى الْقُرْانِ, وَحَافِظِ اللِّسَانِ,
وَمُطْعِمِ الْجِيْعَانِ, وَصَا ئِمٍ فِى شَهْرِ رَمَضَانَ .رواه أبوداود والترمذي
عن ابن عباس
“Suargo kangen marang wong papat: wong kang
moco Al-Qur’an, wong kang ngrekso lisan, wong kang aweh mangan wong kang luwe,
lan wong kang poso ono sasi wulan Ramadhan” (Hadis Riwayat Abu Dawud lan Al-Turmudzi saking
Anas bin Malik)
Suargo kangen tiyang ingkang maos Al-Qur’an. Al-Qur’an
meniko dipun turunaken kagem umat Islam, ingkang supados dados pitedah umat
islam wonten sak lebet ipun gesang. Sinten kemawon ingkang kerso gegondelan
kalihan pitedah Al-Qur’an bade slamet urip ipun wonten ngalam donyo. Milo dawuh
niki paring pemut kagem kulo lan panjenengan sami, supados nglanggengaken maos
al-Qur’an. Mboten maos kemawon ananging ugi ndherek dateng tuntunan ipun
al-qur’an. Menawi saget mekaten kulo panjenegan estu dipun kangeni kalian
suargo. Urip kulo panjenengan mboten badhe sasar selami-laminipun. Kados dawuh
gusti Kanjeng Nabi Muhammad Saw.:
أَنَّ
رَسُولَ اللهِ صلى الله عليه وسلم قَالَ: «تَرَكْتُ فِيكُمْ أَمْرَيْنِ لَنْ
تَضِلُّوا مَا تَمَسَّكْتُمْ بِهِمَا: كِتَابَ اللهِ وَسُنَّةَ نَبِيِّهِ (1)»
“Sak temene Rasulullah Saw. dawuh: “Ingsung
tinggalne kanggo sliramu kabeh rong perkoro sing sliramu kabeh ora bakal
kesasar selagi gegondelan karone, kitab Allah (Al-Qur’an) lan Sunnah Nabi.” (HR.
Imam Malik).
Suargo ugi kangen kalian tiyang ingkang sami
ngrekso lisan. Lisan meniko mboten kagungan balung. Milo lisan menungso saget
mungel nopo kemawon ingkang dipun kersaaken. Mboten jarang amargi mboten saget
ngrekso omongan, tiyang sami sesatron. Shiyam dipun syariataken kagem tiyang
islam ing antawis ipun supados umat islam saget ngrekso dateng lisan ipun.
Kanjeng Nabi Saw. dawuh:
قَالَ
رَسُولُ اللهِ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ: " مَنْ لَمْ يَدَعْ قَوْلَ
الزُّورِ وَالْعَمَلَ بِهِ وَالْجَهْلَ، فَلَيْسَ لِلَّهِ حَاجَةٌ بِأَنْ يَدَعَ
طَعَامَهُ وَلَا شَرَابَهُ "
“Rasulullah saw. dawuh sopo wae kang ora bisa
ninggal omongan olo, lan nglakoni penggawe olo lan bodo, mongko Allah ora butuh
songko olehe ninggal panganan lan inumane” (HR. Ahmad)
Suargo ugi kangen kalian tiyang ingkang sami
paring mangan marang wong kang luwe. Milo wonten sak lebet ipun wulan Ramadhan
kito umat Islam dipun latih supados saget ngraosaken nasib ipun kaum fuqara’
lan masakin. Tiyang-tiyang ingkang sami nandang kekirangan pangupo
jiwonipun. Sahinggo kanthi kekirangan meniko piyambak ipun saweg ngempet dateng
raos luwe. Shiyam Ramadhan dipun wajibaken kagem kito sami, supados kulo lan panjenengan
sami kagungan roso welas dateng tiyang-tiyang ingkang sami kekirangan. Sehinggo
menawi sampun wonten raos welas, kulo lan panjenengan saget peduli kanthi aweh shodaqoh,
bantuan dateng sederek kulo lan panjenengan sami ingkang nandang kekirangan. Ingkang
ngaten meniko sejatos ipun, kito ugi nulung dateng awak kito piyambak. Gusti kanjeng
Nabi Muhammad Saw. dawuh:
قَالَ
رَسُولُ اللهِ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ: «مَنْ نَفَّسَ عَنْ مُؤْمِنٍ
كُرْبَةً مِنْ كُرَبِ الدُّنْيَا، نَفَّسَ اللهُ عَنْهُ كُرْبَةً مِنْ كُرَبِ
يَوْمِ الْقِيَامَةِ، وَمَنْ يَسَّرَ عَلَى مُعْسِرٍ، يَسَّرَ اللهُ عَلَيْهِ فِي
الدُّنْيَا وَالْآخِرَةِ، وَمَنْ سَتَرَ مُسْلِمًا، سَتَرَهُ اللهُ فِي الدُّنْيَا
وَالْآخِرَةِ، وَاللهُ فِي عَوْنِ الْعَبْدِ مَا كَانَ الْعَبْدُ فِي عَوْنِ
أَخِيهِ،
“Rasulullah Saw. dawuh: Sing sopo wonge gawe gawe kajembaran wong
mukmin siji kerupekan songko kerupekan dunya, Allah mesti gawe kajembaran kanggo
wong mahu, kajembaran siji songko kerupekan akhirat, sing sopo wonge gawe
gampang marang wong kang kangelan, Allah mesti gampang aken marang wong mahu,
ana dunyo lan akhirat, sing sopo wonge nutupi cacat wong islam siji, Allah
mesti nutupi marang cacat wong mahu, ana dunyo lan akhirat, Allah tetep nulung
marang kawulane, selagi kawula iku gelem nulung marang sedulure”. (HR. Muslim).
Suargo
ugi kangen kalian tiyang ingkang nindak aken shiyam wonten sak lebetipun wulan Ramadhan.
Shiyam Ramadhan kados ingkang sampun kito sumerapi sedoyo, bilih meniko
perintah saking Allah Swt. Perintah kagen tiyang ingkang sami iman. Jalaran khitab
ipun jelas, tiyang ingkang sami iman. Milo shiyam Ramadhan saget dados tetenger
ingkang bedhak aken antawis ipun muslim ingkang mukmin lan muslim ingkang dereng
mukmin. Kados rikolo wonten tiyang Arab Badui ingkang mlebet islam wonten zaman
ipun Rasulullah, lajeng mungel “kito iman dateng Allah”, Allah perintah datheng
Rasulullah Saw. ingkang supados paring pemut:
قَالَتِ
الْأَعْرَابُ آمَنَّا قُلْ لَمْ تُؤْمِنُوا وَلَكِنْ قُولُوا أَسْلَمْنَا وَلَمَّا
يَدْخُلِ الْإِيمَانُ فِي قُلُوبِكُمْ وَإِنْ تُطِيعُوا اللَّهَ وَرَسُولَهُ لَا
يَلِتْكُمْ مِنْ أَعْمَالِكُمْ شَيْئًا إِنَّ اللَّهَ غَفُورٌ رَحِيمٌ (14)
“Wong-wong Arab (Badui) podo ngucap, “Kito
iman marang Allah”, Dawuho (siro Muhammad), “Sliramu kabeh durung iman, tapi
podo ngucapo sliramu kabeh, kito manjing islam, jalaran iman durung manjing ono
jero ati sira kabeh, lan lamun sliramu kabeh podo tha’at marang Allah lan
rasule, Allah ora bakal nyudo (ganjaran) songko amal-amalmu, Sak temene Allah
Maha Ngapuro lan Maha Welas Asih.” (Qs. Al-Hujurat (49); 14)
اللهُ أكْبَرْ، اللهُ أكْبَرْ، اللهُ أكْبَرْ، وَلِلَّهِ الْحَمْدُ
Mugi-mugi kulo dalah panjenengan sami, estu
dipun dadosaken tiyang ingkang sami dipun kangeni suargo. Shiyam kulo lan
panjenengan sami, mugi dipun tampi Allah Swt. Sak wanci kapundut mugi kulo
dalah panjenengan sami dipun paringi husnul khatimah. Aamiin.
شَهْرُ
رَمَضَانَ الَّذِيْٓ اُنْزِلَ فِيْهِ الْقُرْاٰنُ هُدًى لِّلنَّاسِ وَبَيِّنٰتٍ
مِّنَ الْهُدٰى وَالْفُرْقَانِۚ فَمَنْ شَهِدَ مِنْكُمُ الشَّهْرَ فَلْيَصُمْهُ
ۗوَمَنْ كَانَ مَرِيْضًا اَوْ عَلٰى سَفَرٍ فَعِدَّةٌ مِّنْ اَيَّامٍ اُخَرَ
ۗيُرِيْدُ اللّٰهُ بِكُمُ الْيُسْرَ وَلَا يُرِيْدُ بِكُمُ الْعُسْرَ
ۖوَلِتُكْمِلُوا الْعِدَّةَ وَلِتُكَبِّرُوا اللّٰهَ عَلٰى مَا هَدٰىكُمْ
وَلَعَلَّكُمْ تَشْكُرُوْنَ
جَعَلَنَا
اللهُ وَ إِيَّاكُمْ مِنَ الْعَآئِدِيْنَ الْفَآئِزِيْنَ الْآمِنِيْنَ , وَ
أَدْخَلَنَا وَ إيَّاكُمْ فِى زُمْرَةِ الْمُتَّـقِيْنَ الْمُؤْمِنِيْنَ
الْمُوْقِنِيْنَ . وَ قُلْ رَبِّ اغْفِرْ وَ ارْحَمْ وَ أَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ .
الخطبة الثاني
اللهُ
اَكْبَرْ اللهُ اَكْبَرْ اللهُ
اَكْبَرْ اللهُ اَكْبَرْ اللهُ
اَكْبَرْ اللهُ اَكْبَرْ اللهُ
اَكْبَرْ اللهُ اَكْبَرْ كبيرا
اْلحَمْدُ
للهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ الله بُكْرَةً وَ أَصْيْلاً لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ
وَاللهُ اَكْبَرْ اللهُ اَكْبَرْ وَللهِ اْلحَمْدُ. اْلحَمْدُ
للهِ عَلىَ اِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ.
وَاَشْهَدُ
اَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ , تَعْظِيْمًا
لِشَأْنِهِ, وَاَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
الدَّاعِى اِلىَ رِضْوَانِهِ اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى
اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كَثيْرًا. اَمَّا بَعْدُ فَياَ
اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا اَمَرَ ,وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى
وَزَجَرَ. وَاعْلَمُوْا اَنَّ اللهَ اَمَرَكُمْ
بِاَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ , وَثَـنَى بِمَلآئِكَتِهِ
بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى اِنَّ اللهَ وَمَلآ ئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ
النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا
تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ
مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ
اللهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ
اَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَانَ وَعَلِىّ وَعَنْ بَقِيَّةِ
الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ
اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا اَرْحَمَ
الرَّاحِمِيْنَ. اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ
وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اْلاَحْيآءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ
اللَّهُمَّ اَعِزَّ اْلاِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ, وَأَذِلَّ الشِّرْكَ
وَاْلمُشْرِكِيْنَ, وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيْنَ, وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ
الدِّيْنَ, وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ, وَ دَمِّرْ اَعْدَاءَالدِّيْنِ
,وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ اِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ
وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا
ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ
اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ
فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَاوَاِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا
لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ
عِبَادَاللهِ
! اِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلاِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِى اْلقُرْبىَ
وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ
تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوااللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ
نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَاْلحَمْدُ للهِ رَبِّ اْلعَالَمِيْ
BESAR MA’HAD AL-JAMIAH UIN SATU
TULUNGAGUNG
Mengucapkan:
Selamat Hari Raya Idul
Fitri
1 Syawal 1446 H
Mohon ma’af lahir dan batin
Tidak ada komentar:
Posting Komentar