MC Tahlilan
السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
بسم الله الرحمن الرحيم
الحمد لله رب العالمين وبه نستعين على أمور الدنيا والدين والصلاة والسلام على
أشرف الأنبياء والمرسلين سيدنا ومولانا محمد وعلى أله وصحبه أجمعين لاحول ولا قوة
إلا بالله العلى العظيم أما بعد
Dumateng bapak alim ulama’ ingkang kawulo hormati
Poro bapak, poro sederek, tamu undangan ingkang kawulo hormati
Ugi Shahibul bait sekeluargo ingkang kawulo kawulo mulyaaken
Sepisan monggo kito tansah muji syukur wonten ngerso dalem Allah Swt dene menopo ngantos dumugi wekdal dalu meniko, kulo soho panjengengan sami dipun takdiraken saget kempal manunggal wonten meniko papan pinarakan, saperlu ijabatud dakwah saking panjenengan ipun bapak...... kanthi kawontenan sehat wilujeng mboten manggihi alangan setunggal menopo. Mugi-mugi kempal manunggal kito tansah dipun catet dening Allah Swt. dados amal kesaenan fiddiin waddunyaa walaakhirah. Aamiin
Ongko kaleh sanjungan shalawat salam mugi tansah katur kunjuk
dumateng junjungan kito Nabi Agung Muhammad Saw ingkang tansah kito ajeng-ajeng
syafa’atipun min yauminaa haadzaa ilaa yaumil qiyaamah. Ing pangajat
mugi-mugi kula dalah panjenengan sami tansah dipun aku dados umat ipun pikantuk
syafa’at ipun khususon khashshah mangke wonten ing yaumul kiyamah.
Aamiin yaa rabbal’aalamiin.
Sak lajengipun minangkani sesuleh saking shahibul bait,
inggeh puniko bapak/ibu...... sepisan ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpo
utami menggah rawuh panjenengan sami ingkang sampun karoyo-royo ngluwangaken
wekdal, tenaga saperlu ijabatud dakwah . Atas nami sesulih saking shahibul
bait namung saget ngaturaken agunging panuwun teriring jazakumullahu
khairati wasa’aadatiddunyaa wal aakhirah. Aamiin
Sak lajengipun mbok bilih anggenipun ngrawuhaken dateng panjenengan
sami, sajak wonten hal-hal ingkang mboten mranani dumateng panjenengan sami, kawulo
minangkani sesulih nyuwun pangapunten ingkang sak kathah-kathahipun.
Sak lajengipun shahibul bait anggadahi pinten-pinten hajat.
Sepisan syukur wonten ngerso dalem Allah Swt. atas sedayanipun nikmat ingkang
dipun paringaken dumateng shahibul bait dalah tiyang sak keluargo. Mugi-mugi sedayanipun
nikmat ingkang dipun paringaken dumateng shahibul bait meniko tansah dados
nikmat ingkang mubarakah, ingkang manfaat, fiddiini waddunyaa walaakhirah.
Aamiin.
Sak lajengipun kintun dunga dumateng sedoyo ahli kubur ingkang
sampun sumare khususipun dumateng..... ingkang kaleres......... Mugi-mugi sarono
waosan dzikir tahlil sak cekap ipun, sedoyo arwah kasebat wabilkhusus
bapak/ibu..... tansah nampi kenikmatan wonten alam kuburipun, dipun ngapunten
sedoyo kalepatanipun, lan tembe wonten yaumul qiyamah dipun kempalaken
sareng panjenengan dalem Rasulullah Saw. wonten suarganipun Allah Swt.
Sak lajengipun imam tahlil kasuwun panjenengan ipun bapak.... dongo
panjenengan ipun bapak.....
Saking kawulo minongko pranoto acoro, kawulo cekapi semanten,
wonten klenta klentu nipun kawulo nyuwun pangapunten ingkang sak
kathah-kathahipun.
والله الموفق إلى أقوم
الطريق
والسلام عليكم ورحمة
الله وبركاته
Dumateng panjengenganipun bapak ……. Kawulo aturaken.

Tidak ada komentar:
Posting Komentar