MC Maulidan Mushola
السلام عليك
م ورحمة الله وبركاته
بسم الله الرحمن الرحيم
الحمد لله رب العالمين وبه نستعين على أمور الدنيا والدين والصلاة والسلام على
أشرف الأنبياء والمرسلين سيدنا ومولانا محمد وعلى أله وصحبه أجمعين لاحول ولا قوة
إلا بالله العلى العظيم أما بعد
Dumateng bapak alim ulama’ ingkang kawulo hormati
Poro bapak, ibu, sederek jamaah sholat gangsal wekdal wonten
masjid/mushola... ingkang kawulo hormati
Poro bapak, poro sederek, tamu undangan ingkang kawulo hormati
Sepisan monggo kito tansah muji syukur wonten ngerso dalem Allah
Swt dene menopo ngantos dumugi wekdal dalu meniko, kulo soho panjengengan sami
dipun takdiraken saget kempal manunggal wonten meniko papan pinarakan, saperlu ndherek2
wontenipun peringatan maulid nabi besar Muhammad Saw kanthi kawontenan
sehat wilujeng mboten manggihi alangan setunggal menopo. Mugi-mugi kempal
manunggal kito tansah dipun catet dening Allah Swt. dados amal kesaenan fiddiin
waddunyaa walaakhirah. Aamiin
Ongko kaleh sanjungan shalawat salam mugi tansah katur kunjuk
dumateng junjungan kito Nabi Agung Muhammad Saw ingkang tansah kito ajeng-ajeng
syafa’atipun min yauminaa haadzaa ilaa yaumil qiyaamah. Ing
pangajat mugi-mugi kula dalah panjenengan sami tansah dipun aku dados umat ipun
pikantuk syafa’at ipun khususon khashshah mangke wonten ing yaumul kiyamah.
Aamiin yaa rabbal’aalamiin.
Kaping tiganipun kawulo wonten mriki minongko pranoto acoro
wontenipun peringatan......
Boten prayogi menawi kawulo manjang lebaraken anggen kawulo matur.
Langsung kemawon kawulo waosaken susunan adicoro ingkang bade kalampah wonten
wekdal dalu meniko.
Adicoro ingkang sepisan inggih meniko pembikaan...
Waosan ayat-ayat suci Al-Qur’an kados biasanipun kawulo panggenaken
wonten susunan adicoro ingkang angko kalih
Adicoro ingkang kaping tingga sambutan
Adicoro ingkang kaping sekawan ma’udzah hasanah
Adicoro kaping gangsal penutup/do’a
Dipun lajengaken shalat isya’ kanti berjama’ah, sak lajengipun ramah
tamah.
Hadirin ingkang kawulo hormati ningali wekdal ingkang sak atawis
dalu sumonggo adicoro wekdal dalu meniko kito bikak kanthi waosan surat
al-Fatihah...
Matur sembah nuwun kawulo aturaken. Minggah adicoro ingkang sak
lajengipun inggih puniko waosan ayat-ayat suci al-qur’an ingkang badhe dipun
waos panjenenganipun ustadz.... dumateng panjenenganipun kawulo aturaken...
Shadaqallahul’adzim 3x wabarakallahu lana walakum filqur’anil
karim. Dumateng penjenenganipun.... kawulo aturaken matur sembah nuwun. Mugi waosan
al-Qur’an kalawahu barakahano dateng kito sami khususipun adicoro wekdal dalu
meniko... Aamiin.
Minggah adicoro ingkang sak lajengipun inggih puniko sambutan
ingkang badhe kaaturaken dening panjenengan ipun bapak.... dumateng
panjenenganipun kawulo ...
Mekaten kalawahu sambutan saking panjenenganipun bapak.... dumateng
panjenenganipun kawulo aturaken matursembah nuwun.
Adicoro ingkang sak lajengipun inggih puniko ma’udzah hasanah ingkang
badhe kawedar sabdaaken dening panjenganipun al-mukarom romo KH.... dumateng
panjenenganipun kawula aturaken...
Mekaten kalawahu mau’idzah hasanah ingkang dipun sampeaken
panjenenganipun..... mugi saget pareng manfaat dateng kito sami. Aamiin
Dumateng panjenenganipun kawulo aturaken matursembah nuwun...
Hadirin hadirat ingkang kawulo hormati adicoro ingkang terakhir
inggih meniko penutup/do’a ingkang badhe kaaturaken dening panjenenganipun....
Ananging sak derengipun do’a. Kawiwitan,
wonten mriki kawulo minongko pranoto acoro, mbok bilih anggen kawulo matur
wiwit awal ngantos dumugi akhir kathah klenta klentunipun kawulo nyuwun
pangapunten ingkang sak kathah-katahipun. Saking kawulo kawulo akhiri semanten.
والله الموفق إلى أقوم
الطريق
والسلام عليكم ورحمة
الله وبركاته
Dumateng panjengenganipun bapak ……. Kawulo aturaken.

