Minggu, 16 November 2025

MC Maulidan Musholla

 MC Maulidan Mushola

 

السلام عليك


م ورحمة الله وبركاته

بسم الله الرحمن الرحيم الحمد لله رب العالمين وبه نستعين على أمور الدنيا والدين والصلاة والسلام على أشرف الأنبياء والمرسلين سيدنا ومولانا محمد وعلى أله وصحبه أجمعين لاحول ولا قوة إلا بالله العلى العظيم أما بعد

 

Dumateng bapak alim ulama’ ingkang kawulo hormati

Poro bapak, ibu, sederek jamaah sholat gangsal wekdal wonten masjid/mushola... ingkang kawulo hormati

Poro bapak, poro sederek, tamu undangan ingkang kawulo hormati

 

Sepisan monggo kito tansah muji syukur wonten ngerso dalem Allah Swt dene menopo ngantos dumugi wekdal dalu meniko, kulo soho panjengengan sami dipun takdiraken saget kempal manunggal wonten meniko papan pinarakan, saperlu ndherek2 wontenipun peringatan maulid nabi besar Muhammad Saw kanthi kawontenan sehat wilujeng mboten manggihi alangan setunggal menopo. Mugi-mugi kempal manunggal kito tansah dipun catet dening Allah Swt. dados amal kesaenan fiddiin waddunyaa walaakhirah. Aamiin

 


 

Ongko kaleh sanjungan shalawat salam mugi tansah katur kunjuk dumateng junjungan kito Nabi Agung Muhammad Saw ingkang tansah kito ajeng-ajeng syafa’atipun min yauminaa haadzaa ilaa yaumil qiyaamah. Ing pangajat mugi-mugi kula dalah panjenengan sami tansah dipun aku dados umat ipun pikantuk syafa’at ipun khususon khashshah mangke wonten ing yaumul kiyamah. Aamiin yaa rabbal’aalamiin.

 

Kaping tiganipun kawulo wonten mriki minongko pranoto acoro wontenipun peringatan......

Boten prayogi menawi kawulo manjang lebaraken anggen kawulo matur. Langsung kemawon kawulo waosaken susunan adicoro ingkang bade kalampah wonten wekdal dalu meniko.

Adicoro ingkang sepisan inggih meniko pembikaan...

Waosan ayat-ayat suci Al-Qur’an kados biasanipun kawulo panggenaken wonten susunan adicoro ingkang angko kalih

Adicoro ingkang kaping tingga sambutan

Adicoro ingkang kaping sekawan ma’udzah hasanah

Adicoro kaping gangsal penutup/do’a

Dipun lajengaken shalat isya’ kanti berjama’ah, sak lajengipun ramah tamah.

Hadirin ingkang kawulo hormati ningali wekdal ingkang sak atawis dalu sumonggo adicoro wekdal dalu meniko kito bikak kanthi waosan surat al-Fatihah...

Matur sembah nuwun kawulo aturaken. Minggah adicoro ingkang sak lajengipun inggih puniko waosan ayat-ayat suci al-qur’an ingkang badhe dipun waos panjenenganipun ustadz.... dumateng panjenenganipun kawulo aturaken...

Shadaqallahul’adzim 3x wabarakallahu lana walakum filqur’anil karim. Dumateng penjenenganipun.... kawulo aturaken matur sembah nuwun. Mugi waosan al-Qur’an kalawahu barakahano dateng kito sami khususipun adicoro wekdal dalu meniko... Aamiin.

Minggah adicoro ingkang sak lajengipun inggih puniko sambutan ingkang badhe kaaturaken dening panjenengan ipun bapak.... dumateng panjenenganipun kawulo ...

Mekaten kalawahu sambutan saking panjenenganipun bapak.... dumateng panjenenganipun kawulo aturaken matursembah nuwun.

Adicoro ingkang sak lajengipun inggih puniko ma’udzah hasanah ingkang badhe kawedar sabdaaken dening panjenganipun al-mukarom romo KH.... dumateng panjenenganipun kawula aturaken...

Mekaten kalawahu mau’idzah hasanah ingkang dipun sampeaken panjenenganipun..... mugi saget pareng manfaat dateng kito sami. Aamiin

Dumateng panjenenganipun kawulo aturaken matursembah nuwun...

Hadirin hadirat ingkang kawulo hormati adicoro ingkang terakhir inggih meniko penutup/do’a ingkang badhe kaaturaken dening panjenenganipun....

Ananging sak derengipun do’a. Kawiwitan, wonten mriki kawulo minongko pranoto acoro, mbok bilih anggen kawulo matur wiwit awal ngantos dumugi akhir kathah klenta klentunipun kawulo nyuwun pangapunten ingkang sak kathah-katahipun. Saking kawulo kawulo akhiri semanten.

 

والله الموفق إلى أقوم الطريق

والسلام عليكم ورحمة الله وبركاته

 

Dumateng panjengenganipun bapak ……. Kawulo aturaken.

 

 

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

MC Maulidan Musholla

 MC Maulidan Mushola   السلام عليك م ورحمة الله وبركاته بسم الله الرحمن الرحيم الحمد لله رب العالمين وبه نستعين على أمور الدنيا والدين...