خُطْبَةُ عِيْدُالْفِطْرِ
1447 H / 2026 M
“Idul Fithri
Minongko Momentum Kangge Nepung Silaturahmi, Keshalihan Individu Lan Sosial”
Dr.
Muhamad Fatoni, M.Pd.I.
Dosen UIN SATU
Tulungagung
اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ،
اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ،
اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ كَبِيرًا وَالْحَمْدُ للهِ كَثِيرًا وَسُبْحَانَ
اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيلًا، لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ، صَدَقَ وَعْدَهُ،
وَنَصَرَ عَبْدَهُ، وَأَعَزَ جُنْدَهُ، وَهَزَمَ الْأَحْزَابَ وَحْدَهُ، لَا
إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ وَللهِ الْحَمْدُ. الْحَمْدُ
للهِ الْحَمْدُ للهِ الَّذِي جَعَلَ الصَّوْمَ حِصْنًا لِأَوْلِيَائِهِ وَجُنَّةً
* وَجَعَلَ عِيدَ الْفِطْرِ ضِيَافَةً وَمِنَّةٌ * أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ
إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ * وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا
عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلَّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ
وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَالتَّابِعِينَ لَهُمْ بِإِحْسَانِ إِلَى يَوْمِ
الْقِيَامَةِ * أَمَّا بَعْدُ ، فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ الْكِرَامُ
أَوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ فَقَدْ فَزَ الْمُتَّقُوْنَ
وَاعْلَمُوْا يَا إِخْوَانِ رَحِمَكُمُ اللهُ * أَنَّ يَوْمَكُمْ هَذَا يَوْمُ
الْعِيدِ وَيَوْمُ الْفَرَحِ وَالسُّرُورِ فَاشْكُرُوا اللهَ تَعَالَى بِالتَّكْبِيرِ وَالتَّهْلِيْلِ
إِنَّهُ غَفُورٌ شَكُورُ
Kaum Muslimin lan Muslimat ingkang minulya.
Wonten enjing ingkang kebak keberkahan meniko, sumonggo kita tansah ambudidoyo ningkataken anggen kita takwa wonten ngerso dalem Allah. Kanthi sekiat mungkin nindaaken dumateng sedoyo perintahipun ugi nebihi sedoyo awisanipun. Kanthi modal iman lan takwa estu kulo lan penjenengan sami, badhe nemahi kabekjan wonten dunyo langkung-langkung ing akhirat.
Lan manggo sami ngathahaken anggen kito syukur dateng Gusti Allah Ta’ala,
dene menopo kito taksih kaparingan sehat, jasmani ugi rohani sahingga saget
nyampurnaaken ibadah shiyam wonten wulan Ramadhan meniko lan pinanggih kalih
dinten fithri, dinten ingkang kebak kabingahan, dinten ingkang dados tondo
bilih kito saget nunduaken dumateng bisikan ipun hawa, kekarepan nafsu kito.
اللهُ
أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ
اللهُ أَكْبَرُ وَللهِ الْحَمْدُ
Kaum Muslim lan
Muslimat ingkang minulya
Wonten sak
lebetipun Ramadhan, kito umat Islam dipun latih ingkang supados saged ngendalekaken
hawa nafsu kito. Kito dipun printah ingkang supados nindaaken shiyam kanthi
ninggalaken dedaharan, unjukan, lan linthu-linthu nipun ingkang saget
bathalaken shiyam kito wiwit mlethek ipun fajar ngantos mislupipun serngenge. Nafsu
ingkang sanget dipun khawatiraken kanjeng Nabi Muhammad Saw. Datheng umatipun. Pramila
piyambakipun dawuh:
إنَّ أشدَّ ما أخافُ عليكم
خصلتانِ اتباعُ الهوى وطولُ الأملِ فأما اتباعُ الهوى فإنَّهُ يصدُّ عن
الحقِّ وأما طولُ الأملِ فإنَّهُ الحبُّ للدنيا (أخرجه ابن أبي شيبه
وأبوا داود والبيهقى)
“Sak temene seng banget tak khawatirake marang sliramu kabeh iku rong
perkoro; nuruti hawa nafsu lan dowo angen-angen. Nuruti hawa nafsu iku, buntoni
marang kabeneran, lan dowo angen-angen iku seneng marang donyo.” (Dipun takhrij
Ibnu Abu Syaibah, Abu Dawud, lan Al-Baihaqi).
Milo dumuginipun Idul Fitri dipun wastani kanthi dinten kemenangan. Kemenangan
manungso ingkang nindaaken shiyam saking hawa nafsu nipun.
Pramila pengadatan ing antawis kita lajeng sami
angaturaken ucapan selamat atas kemenangan punika kanti donga :
جَعَلَنَا اللهُ
وَإِيَّاكُمْ مِنَ الْعَائِدِينَ وَالْفَائِزِيْنَ الْمَقْبُوْلِينَ
Ingkang kaprah
lajeng kanti tembung ringkes :
مِنَ
الْعَائِدِينَ وَالْفَائِزِينَ
"Mugi mugi Allah andadosaken kula lan panjenengan kalebet
golonganipun tiyang ingkang wangsul saking madyaning palagan kanti kamenangan,
saha kalebetna golonganipun tiyang tiyang ingkang nggayuh kebahgyaan lan
tinampi sedaya amal kesaenan".
اللهُ
أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ وَللهِ الْحَمْدُ
Kaum Muslimin lan Muslimat ingkang minulya.
Tondo bilih shiyam kito meniko hasil kanthi anggayuh kamenangan, ing
antawisipun wonten wulan Syawal meniko ugi sedoyo wulan ingkang badhe datheng,
wonten peningkatan. Peningkatan kualitas ugi kuantitas kito anggenipun sami
nglampahi jejibahan wonten ngalam donyo minongko makhluk ingkang gadhah kewajiban
ngabukti datheng bendharanipun, inggih Gusti Allah Swt. Allah paring pemut:
وَمَا
خَلَقْتُ الْجِنَّ وَالْإِنسَ إِلَّا لِيَعْبُدُونِ" (سورة الذاريات: 56)
Ingsun ora nitahake jin lan manungso kejobo
supoyo podo nyembah marang ingsun (Qs. Al-Dzariyat;56)
Nanging sampun salah paham bilih meniko
namung babakan ibadah mahdhah kemawon, namung babakan sholat, zakat, shiyam misalipun
anangin langkung jembar katimbang niku.
Langkung-langkung menawi kulo lan
panjenengan sami tafakkur datheng ibadah shiyam meniko. Ibadah shiyam meniko mboten
namung kulo panjenengan dipun latih supados ibadah mahdhah kemawon, tapi ugi
nglatih kulo panjenengan supados dados tiyang ingkang shalih sosial. Milo shiyam
kito mboten wonten ginanipun menawi kulo panjenengan sami mboten purun ngedalaken
zakat fitrah. Kanjeng Nabi dawuh:
شهر رمضان معلق بين السماء والأرض لا يرفع إلا بزكاة
الفطر
(Shiyam) wulan Ramadhan meniko
dipun gantungaken antawispun langit lan bumi, mboten dipun angkat kejawi kanthi
(ngedalaken) zakat fithrah. (Dipun takhrij Ibnu Shahin)
Milo harapan ageng saking shiyam Ramadhan sedoyo
ingkang nglampahi shiyam ningkat ibadah mahdhah ipun ugi ningkat anggenipun
peduli datheng sedherek muslim ipun. Kanjeng Nabi dawuh:
لا يؤمن
أحدكم حتى يحب لأخيه ما يحب لنفسه ) ، رواه البخاري ومسلم
Ora jeneng iman marang Allah salah siji siro
kabeh sampek deweke demen marang sedulure, opo kang deweke senengi kanggo
awake. (HR. Bukhari Muslim)
اللهُ
أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ وَللهِ الْحَمْدُ
Kaum Muslimin lan Muslimat ingkang minulya.
Milo, Idul Fithri saget ugi kito maknani kanthi wangsulipun manah
ingkang resik, suci, kadhos rikolo dipun lahiraken saking gua garbanipun ibu. Ingkang
mboten kagungan rereget, mboten wonten dendam, ingkang remen kalih paseduluran,
ingkang tansah, jagi datheng silaturahmi, ugi tansah peduli datheng sesami
muslim, sesami manungso sehinggo kawujud urip ingkang ayem, tentrem.
Piyantun Jawi maknani kanthi silaturahmi tiap dinten riyadhen, datheng
tiang sepah, sedherek, tanggi, konco, ugi lintu-lintunipun. Sinten ingkang „nglebaraken“
manah ipun saking loro ati, sesatru, dendam, lan mungsuhan, ugi peduli kaliyan
kasusahan ipun tiang linthu, menikolah tiang ingkang saestu pikanthuk „kamenangan“
wonten idul Fitri.
اللهُ
أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ وَللهِ الْحَمْدُ
Kaum Muslimin lan Muslimat ingkang minulya.
Langkung-langkung ing saat meniko, kula lan panjenengan
sami, perso saking media, bilih sedherek kulo lan panjenengan sami wonten Iran
dipun nandang kasusahan, amargi taksih jihad mungsuh israel lan amerika. Kito
kedhah peduli, sinaoso mboten kanthi bidal ngangkat senjata. Kito saget nyuwun
datheng Allah, mugi sedherek kito dipun paring kekiatan mungsuh kedhaliman, lan
ingkang sami gugur dipun paring syahid.
Pancen, Al-Qur’an sampun paring pemut
datheng kito sami. Allah ngendiko:
لَتَجِدَنَّ أَشَدَّ النَّاسِ عَدَاوَةً لِلَّذِينَ
آمَنُوا الْيَهُودَ وَالَّذِينَ أَشْرَكُوا وَلَتَجِدَنَّ أَقْرَبَهُمْ مَوَدَّةً
لِلَّذِينَ آمَنُوا الَّذِينَ قَالُوا إِنَّا نَصَارَى ذَلِكَ بِأَنَّ مِنْهُمْ
قِسِّيسِينَ وَرُهْبَانًا وَأَنَّهُمْ لَا يَسْتَكْبِرُونَ
Satemene sira bakal nemu wong kang paling sengit
marang wong mukmin yaiku wong Yahudi lan wong kang nyekutokake Allah; lan
satemene sira bakal padha nemu wong kang paling cedhak katresnane marang
wong-wong mukmin yaiku wong-wong kang padha ngucap: "Kula punika tiyang
Nasrani". Iku amarga ing antarane wong-wong mau ana pandhita lan bhikkhu (rahib)
lan amarga dheweke ora sombong. (Qs. Al-Maidah; 82)
Israel meniko agamanipun Yahudi, milo saking meniko
awit kolorumiyen tetep mungsuhi datheng tiang mukmin.
Mugi-mugi dinten riyaya meniko dadosaken kito
meningkat, sae kualitas ibadahipun utawi kuantitasipun, saget nglebur
penyakit-penyakit manah kito, nyambung paseduluran ingkang harmoni, sedherek mukmin
kito ingkang berjuang dipun paring kamenangan lan sakwanci kito kapundhut dipun
paringi husnul khatimah. Amin ya Robbal alamin.
جَعَلَنَا اللهُ وَإِيَّاكُمْ مِنَ الْعَائِدِينَ
وَالْفَائِزِيْنَ وَالْمَقْبُوْلِينَ، وَأَدْخَلَنَا وَإِيَّاكُمْ فِي زُمْرَةِ
عِبَادِهِ الصَّالِحِيْنَ وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ
الرَّاحِمِينَ
الخطبة الثانية
اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ
أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ ُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، لَا
إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ وَللهِ الْحَمْدُ، اللهُ
أَكْبَرُ كَبِيرًا وَالْحَمْدُ للهِ كَثِيرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً
وَأَصِيلًا، الْحَمْدُ للهِ الْحَمْدُ للهِ الَّذِي أَمَرَنَا بِالْاتِّحَادِ
وَالاعْتِصَامِ بِحَبْلِ اللهِ الْمَتِيْنِ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلَّا اللهُ
وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ . إِيَّاهُ نَعْبُدُ وَإِيَّاهُ نَسْتَعِينُ،
وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ الْمَبْعُوثُ رَحْمَةٌ
لِلْعَالَمِينَ اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ
وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِينَ * أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ
وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ وَأَشْكُرُوهُ، وَاعْلَمُوا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ
بِأَمْرٍ عَظِيمٍ، أَمَرَكُمْ بِالصَّلَاةِ وَالسَّلَامِ عَلَى نَبِيِّهِ
الْكَرِيمِ، فَقَالَ: إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ
يَأَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا.
اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلَّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ سَيِّدِ
الْمُرْسَلِينَ * وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَالتَّابِعِينَ * وَتَابِعِ
التَّابِعِينَ لَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّينِ * وَارْحَمْنَا مَعَهُمْ
بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِينَ * اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِينَ
وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِينَ وَالْمُسْلِمَاتِ، إِنَّكَ سَمِيعٌ قَرِيبٌ مُجِيبُ
الدَّعَوَاتِ * اللَّهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْبَلَاءَ * وَالْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ
وَالْفَحْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ * وَالْبَغْيَ وَالسُّيُوفَ الْمُخْتَلِفَةَ
وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ * مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ * مِنْ بَلَدِنَا هَذَا
خَاصَّةً * وَمِنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِينَ عَامَّةٌ * إِنَّكَ عَلَى كُلِّ
شَيْءٍ قَدِيرٌ * اللهم انصر من نصر الدين واخذل من خذل المسلمين واعل كلماتك إلى
يوم الدين* اللهم انصر الذين يجاهدون في إيران وانصرهم على الإسرائيلين والأمريكيين
رَبَّنَا اغْفِرْلَنَا وَلِإِخْوَانِنَا
الَّذِينَ سَبَقُوْنَا بِالْإِيمَانِ وَلَا تَجْعَلْ فِي قُلُوْبِنَا غِلًّا
لِلَّذِينَ آمَنُوْا رَبَّنَا إِنَّكَ رَؤُوْفٌ رَّحِيمٌ.
عِبَادَ اللهِ ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ
بِالْعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ وَإِيتَاءِ ذِي الْقُرْبَى ويَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ
وَالْمُنْكَرِ وَالبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوا
اللهَ الْعَظِيمَ يَذْكُرْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ.

Tidak ada komentar:
Posting Komentar