Keluargo Ideal Sakjerone Agomo Islam
اُلله أَكْبَرُ (×٣) اُلله أَكْبَرُ
(×٣) اُلله
اَكبَرُ (×٣) اُلله أَكْبَرُ
كُلَّمَا هَلَّ هِلَالٌ وَأَبْدَرَ، اُلله
أَكْبَرُ كُلَّماَ صَامَ صَائِمٌ وَاَفْطَرَ،
اُلله أَكْبَرْ كُلَّماَ تَرَاكَمَ سَحَابٌ وَأَمْطَرَ,
وَكُلَّما نَبَتَ نَبَاتٌ وَأَزْهَرَ,
وَكُلَّمَا أَطْعَمَ
قَانِعُ اْلمُعْتَرَّ. اَلْحَمْدُ لُله الَّذِي فَضَّلَ عَشْرَ
ذِى الْحِجَّةِ
بِتَضْعِيْفِ أُجُوْرِ اْلعِباَدَاتِ,
فَمَنْ كَانَ خَرَجَ مِنْ
بَيْتِهِ إِلَى شِرَاءِ الْأُضْحِيَّةِ كَانَ لَهُ بِكُلِّ خَطْوَةٍ عَشْرُ حَسَنَاتٍ وَمُحِيَ عَنْهُ عَشْرُ سَيِّئَاتٍ. أَشْهَدُ أَنْ لَا
إِلهَ إِلَّا اللُّه وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ المُُوْجِدُ الْمُعْدِمُ الْمَخْلُوْقَاتِ. وَأَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ
رَغَّبَ أُمَّتَهُ فِى الْأضُْحِيَّةِ وَأَعْمَالِ الصَّالِحاَتِ. اَللَّهُمَّ فَصَل وَ سَلمْ عَلى سَيدِنَا مُحَمَّدٍ سَيدِ السَّادَاتِ وَعَلى آلِهِ وَصَحْبِهِ ماَ اخْتَلَفَتِ الْايََّْامُ
وَ السَّاعاَتُ.
أَمَّا
بَعْدُ. فَيَاعِبَادَ اِلله
اِتَّقُواَلله حَقَّ تُقَاتِهِ وَلا تَََمُوْتُنَّ اِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
Hadirin
Jama’ah Sholat Idul Adha ingkang winulyo
Monggo wonten kesempatan ingkang sahe meniko, kito tansah ningkataken anggen kito iman lan taqwa wonten ngerso dalem Allah, kanthi sekiat mungkin nindak aken nopo ingkang dados perintah ipun ugi nebihi dumateng sedoyo awisan-awisan ipun. Estu kanthi iman lan taqwa kulo soho panjenengan sami badhe nemahi panguripan ingkang sekeco, wonten donyo langkung-langkung rikolo sami sowan wonten ngerso dalem Allah ing tembe yaumul qiyamah.
Lan monggo kito sami syukur, bilih menopo kulo soho panjenengan sami taksih dipun paringi kesempatan pepanggihan kalian idil adha, dinten riyadin qurban, dinten ingkang dipun haramaken shiyam, dipun halal aken dhahar lan dipun sunnah aken nyembelih hayawan qurban.
Allah Swt dawuh wonten ing Surat al-Kautsar:
إِنَّآ أَعۡطَيَٰۡنَكَ ٱلۡكَوۡثَرَ، فَصَل لِربكَ وَٱنۡحَرۡ، إِنَّ شَانِئَكَ هُو َ ٱلأ بَْۡتَرُ
Artosipun; "Saktemene ingsung wus paring marang sliramu Muhammad kenikmatan kang agung. Mongko sholato sira kerono (perintahe) pengeran siro, lan nyembeleho qurban (minongko ibadah), saktemene wong-wong kang podo maido sliramu iku lah wong kang pedot (soko rohmate Allah)" (Qs. Al-Kautsar 1-3). Bejo sanget kagem piyantun-piyantun ingkang dinten meniko dipun paringi kajembaran rizki, lan purun nyembelih hayawan qurban.
Kanjeng Nabi Muhammad saw. Dawuh:
عَنْ عَائِشَةَ أَنَّ النَّبِىَّ ﷺقال مَا عَمِلَ ابْنُ آدَمَ يَوْمَ النَّحْرِ عَمَلًا أَحَبَّ إِلَى اللِّه عَزَّ وَجَلَّ مِنْ هِرَاقَةِ دَمٍ وَإِنَّهُ لَيَأْتِى
يَوْمَ الْقِيَامَةِ بِقُرُونِهَا وَأَظْلَافِهَا وَأَشْعَارِهَا وَإِنَّ الدَّمَ لَيَقَعُ
مِنَ اَّللِّه
عَزَّ وَجَلَّ
بِمَكَانٍ قَبْلَ أَنْ يَقَعَ عَلَى
الأرَْْضِ فَطِيبُوا بِهَا نَفْسًا
Artosipun: Saking ‘Aisyah,
Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam dawuh, “Mboten wonten amal anak turun Adam
wonten dinten nahar ingkang langkung dipun remeni Allah SWT ketimbang soko
ngilek aken getih hayawan qurban. Hayawan iku bakal tumeko ing dino kiyamat
sarono sungu, kuku, lan rambute. Lan
temen, getih iku bakal nibak aken marang (ridha) Allah sak durunge tumibane getih mau marang
bumi, mongko podo nucekno sliramu kabeh marang awakmu sarana kurban.” (HR. Ibnu Majah)
Hadirin Jama'ah Shalat Idul Adha ingkang winulyo
Nabi
Ibrahim as. Meniko satunggaling nabi ingkang pikantuk laqab abu al-anbiya’
utawi bapak ipun poro nabi. Laqab meniko nedah aken bilih panjenengan
ipun Nabi Ibrahim meniko piyantun ingkang sukses nyetak tedhak turun ingkang
shalih. Potret kagem keluargo ingkang ideal, ingkang kedhah ipun kito pendhet
tuladha nipun kagem bina kelurgo kito umat islam. Milo mboten aneh bilih
Al-Qur’an perintah dateng kulo soho panjenengan sami supados dherek dateng
agami nipun Nabi Ibarahim as.
Salah setunggal ipun tulodho penting
kagem kulo soho panjenengan sami saking panjenengan ipun Nabi Ibrahim saget
kito panggihi wonten ing Al-Qur’an Suarat Ash-Shaffat 102-105. Inggih meniko
tuladha bapak lan putranipun ingkang nampi perintah saking Allah arupi perintah
nyembelih dateng putra.
Hadirin jama’ah idul Adha ingkang
winulyo
Rikolo Nabi Ibrahim sampun dipun
paringi putro, lan putro meniko ngancik dateng usia ingkang nedheng
lucu-lucunipun, Allah Swt perintah supados nyembelih dateng putro meniko sarono
lewat impen ipun. Kedadosan meniko wonten ing tanggal 8 saking wulan Dzulhijjah,
milo kawastanan kanthi dinten tarwiyah, maknanipun inggih meniko dinten
kemamangan. Lajeng Allah Swt. negasaken malih kanthi impen ingkang nomer kalih,
Allah Swt dawuh:
فَلَمَّا
بَلَغَ مَعَهُ السَّعْيَ قَالَ يَا بُنَيَّ إِنِّي أَرَى فِي الْمَنَامِ أَنِّي
أَذْبَحُكَ فَانْظُرْ مَاذَا تَرَى
Artosipun: “Semongso putro iku (Ismail) tumeko umur
mlaku ngincik, Ibrahim dawuh, He... Ngger anak lanangku, sak temene aku ngimpi
(diperintah Allah) supoyo aku nyembelih marang sliramu, kepriye ngger miturut
pendapatmu” (Qs. As-Shaffat 102).
Impen ingkang angka kalih meniko ndados aken manahipun
Nabi Ibrahim as mantep lan yakin, bilih meniko perintah saking Allah. Milo
piyambak ipun lajeng ngendikan dateng ingkang putro.
Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar Walillahilhamdu
Ismail, sinaoso taksih alit, keranten didik an saking
keluargo ingkang sahe, piyambak ipun tumbuh dados putro ingkang shalih. Rikolo
abah ipun sampun “mungel” putro ingkang sholih lajeng matur dateng abah ipun:
قَالَ يَا أَبَتِ افْعَلْ مَا تُؤْمَرُ سَتَجِدُنِي إِنْ
شَاءَ اللَّهُ مِنَ الصَّابِرِينَ (102)
Artosipun: “(Ismail)
matur: “Duh bopo kulo, panjenengan tindak aken punopo ingkang panjenengan dipun
perintah, in syaa Allah panjenengan bakal manggihi kulo termasuk golonganipun
tiyang ingkang sami sabar.” (Qs. Al-Shaffat 102)
Ismail, putro ingkang dipun didik kanthi didikan ingkang
sahe dados putro ingkang shalih. Putro ingkang tha’at dateng Allah, ugi tha’at
dateng tiyang sepah ipun.
Hadirin Jama’ah Sholat Idul Adha ingkang winulyo
Kisah meniko paring tulodho kados pundi kedah ipun kulo
soho panjenengan meniko bina dateng rumah tangga utawi keluargo. Nabi Ibrahim
meniko minongko simbol saking tiyang kakung, ingkang tiyang kakung meniko
minongko imam, utawi pemimpin kagem keluarga nipun.
Bapak, minongko imam kedah anggadahi sifat ing
antawisipun: 1) iman lan taqwa dateng Allah Swt. Bapak kedah anggadahi iman lan
taqwa ingkang langkung kiat. Jalaran dados pemimpin ingkang anggadahi
tanggungjawab bina lan didik dateng sedoyo keluarganipun dateng gesang ingkang
sahe lan leres ingkang akhir ipun inggih puniko salamah fiddunyaa salamah
fil aakhirah. 2) mantepaken ati, rikolo didik dateng keluarga. Nabi Ibrahim
dereng mungel dateng putranipun sahinggo piyambak ipun mantep bilih meniko
perintah saking Allah. Semanten ugi, minongko dados pemimpin keluarga bapak
kedah mantepaken dateng ati nipun, mantepaken dateng niat ipun, mantepaken
dateng nopo ingkang badhe dipun sampek aken dateng anggota keluarga nipun
sahinggo menawi sampun mantep lajeng dipun atur aken dateng keluarga nipun. 3)
bijak. Nabi Ibrahim ndangu dateng ingkang putro, meniko simbol saking perilaku
bijak. Bapak minongko dados imam kedah bijak rikolo mimpin keluarga. Sampun
ngantos, imam mboten anggadahi sifat bijak. Sifat meniko penting sanget dipun
gadahi ingkang supados keluargo ingkang dipun bina saget dados sakinah
mawaddah warahmah.
Hadirin jama’ah sholat idul adha ingkang winulyo
Ismail meniko simbol putro. Keluarga ingkang sukses,
ingkang sakinah, meniko menawi kagungan putro ingkang shalih. Putro ingkang
anggadahi iman lan taqwa dateng Allah Swt. ugi tha’at dateng tiyang sepah
kekalih ipun. Meniko lah simbol saking keluarga ingkang sukses ingkang dipun
purih agami.
Langkung-langkung wonten ing zaman ingkang kados mekaten
meniko. Zaman ingkang kathah sanget pakewoh. Teknologi informasi ingkang
canggih, nyebab aken kathah sanget informasi ingkang dipun tampi keluargo, sahe
bapak, ibu, utawi putro ingkang terkadang dados aken bubrah ipun tatanan
keluargo. Wonten piyantun setri ingkang wantun dateng kakungipun, putro wantun
kalih tiyang sepah ipun lan sak panunggalanipun.
Leres, Kisah nabi Ibrahim meniko sampun keliwat dangu sanget. Kados-kados maklum kagem kulo soho panjenengan, bilih pantes nabi Ibrahim mboten goyah manah ipun sebab mboten wonten teknologi informasi ingkang kados zaman meniko. Ananging perlu kito pahami bilih meniko tulodho kagem kulo soho panjenengan sami kados pundi caranipun bina keluarga. Ingkang langkung menarik, ayat meniko mboten nedahaken dialog Nabi Ibrahim kaliyan istri nipun, Hajar.
Jama’ah Shalat Idul Adha ingkang winulyo
Mboten katutur ipun dialog antawis ipun nabi Ibrahim kaliyan istri
nipun wonten ing kisah niki nedah aken bilih minongko tiyang kakung meniko
kedah bijak. Piyantun setri meniko umum ipun anggadahi manah ingkang rapuh
jalaran perasaan ipun ingkang langkung alus. Sahinggo kabar informasi ingkang
mboten nyocoki dateng penggalih ipun saget dados aken guncangan. Nabi ibrahim
mboten paring mangertos dumateng Hajar hawatir menawi piyambak ipun mboten
ikhlas lan nentang dateng perintah ipun Allah Swt.
Semanten ugi wonten situasi kondisi urip gesang wonten ngalam donyo.
Langkung-langkung zaman meniko, terkadang kerasipun kondisi mboten perlu dipun
sumerap aken dateng piyantun setri. Bapak, kedah kados dene karang ingkang kiat.
Ombak badai ingkang dipun adepi mboten perlu dipun ceritak aken, ingkang baku
kados pundi tiyang setri terus anggadahi raos tenang manah ipun, kumandel ati nipun.
Tenang ipun manah tiang setri dados sebab ayem lan tentrem ipun keluargo. Kados
mekaten meniko ingkang dipun tampil aken Hajar.
Hadirin Jama’ah Sholat Idul Adha ingkang winulyo
Nabi Ibrahim, Hajar, lan Ismail sedoyo meniko sami anggadahi sifat
kamanungsan. Ananging sarono iman lan taqwa, ujian ingkang berat sanget saget
dipun lampahi. Allah Swt dawuh:
فَلَمَّا أَسْلَمَا وَتَلَّهُ لِلْجَبِينِ (103)
وَنَادَيْنَاهُ أَنْ يَا إِبْرَاهِيمُ (104) قَدْ صَدَّقْتَ الرُّؤْيَا إِنَّا
كَذَلِكَ نَجْزِي الْمُحْسِنِينَ (105) إِنَّ هَذَا لَهُوَ الْبَلَاءُ الْمُبِينُ
(106) وَفَدَيْنَاهُ بِذِبْحٍ عَظِيمٍ (107)
Artosipun: “Mongko rikolo wong loro iku
(Ibrahim lan Ismail) wus pasrah lan deweke nyeleh ake pilingan anake ono
gundukan lemah, Ingsun dangu marang dewe ke, Hei Ibrahim, temen sliramu wis
benerake marang impen iku, saktemene mangkono iku ingsung paring piwales marang
wong-wong kang podo gawe keapikan. Saktemene iki temen ujian kang nyoto. Lan
ingsung paring tebusan kanthi hewan sembelihan kang gede. (Qs. Al-Shaffat
103-107)
Jama’ah Sholat Idul Adha ingkang winulyo
Ujian ingkang paling ageng sanget saestunipun
inggih meniko nyembeleh dateng “nafsu”, “ego”, “kekarepan” kulo lan panjenengan
sami. Keluarga ingkang kepingin dados keluargo sakinah mawaddah warahmah,
ingkang bejo donyo lan akhirot sedoyo anggota nipun kedah wantun nyembeleh
dateng nafsu nipun piyambak. Dipun arahaken dateng ketha’atan dumateng Allah
lan Rasul ipun. Mboten sekedar mburu dateng bingah ipun ati nglirwa aken dateng
perintah ipun Allah ugi Rasulullah saw. Sinten kemawon ingkang ngersa aken
sukses donyo ugi akhirat kedah saget nyembelih dateng kekarepan nafsu nipun,
lan shabar nampi ujian saking ngarsa pengeran ipun.
Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar
Walillahilhamdu
Mugi-mugi kulo soho panjenengan sami dipun takdir aken
saget mbangun dhateng keluargo ingkang sakinah mawaddah warahmah. Lan
mugi-mugi sak wanci katimbalan, mugi katimbalan kanthi husnul khatimah.
Amin ya rabb al-‘alamain …
اعُوْذُ بِالِله مِنَ الشَّيْطنِ الرَّجِيْمِ. بِسْمِ اِلله الرَّحْمنِ الرَّحِيمِ. إِنَّا أَعْطَيْنَاكَ الْكَوْثَرَ فَصَل لِرَبكَ وَانْحَرْ إن شانئك هو الأبتر
بَارَكَ اُلله لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَاِياكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الآيَاتِ وَالذِ'كْرِ الْحَكِيْمِ. وَتَقَبَّلَ مِنيْ وَمِنْكُمْ
تِلاوَتَهُ اِنه هُوَ
السَّمِيْعُ اْلعَلِيْمُ. فَاسْتَغْفِرُوْا اِنَّهُ
هُوَاْلغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
Khutbah II
اُلله اَكْبَرْ (×٣) اُلله اَكْبَرْ
(×٤) اُلله
اَكْبَرْ كبيرا وَاْلحَمْدُ لِله كَثِيْرًا
وَسُبْحَانَ الله بُكْرَةً وَ أَصْيْلًا
لََ اِلَهَ
اِلََّ اُلله وَاُلله اَكْبَرْ اُلله
اَكْبَرْ وَلِله اْلحَمْدُ.
اَلْحَمْدُ لِله عَلىَ إِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لَا اِلَهَ إِلَّا اُلله وَحْدَهُ لَا
شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِدنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى إلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِ عَلَى سَيِدنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا. أَمَّا بَعْدُ, فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُواَلله فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اَلله أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اَلله وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِموا تَسْلِيْمًا.
اللهُمَّ صَل عَلَى سَيدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اُلله عَلَيْهِ وَسَلَّمْ وَعَلَى آلِ سَيدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللهّم عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ
أَبِى بَكْرٍ
وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ
الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ
لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الديْنِ
وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ. اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلأحَْيآء مِنْهُمْ وَاْلامََْوَاتِ اللهُمَّ أَعِزَّ اْلِإسْلَامَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِ'يْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمرْ أَعْدَاءَ الدِ'يْنِ وَاَعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِ'يْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلَاءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلا زََِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ
اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَإنْ
لَمْ تَغْفِرْ
لَنَا وَتَرْحَمْنَا
لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ.
عِبَادَاِلله ! إِنَّ اَلله يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ
وَاْلِإحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى
عَنِ اْلفَحْشآءِ
وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ
تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اَلله اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ
وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ
اِلله أَكْبَرْ
Tidak ada komentar:
Posting Komentar