خُطْبَةُ عِيْدُ الأَضْحى
1447 H / 2026 M
“Gede
Cilike Piwales, Miturut Gede Cilike Bala’ (Mundut Tuladha Saking Nabi Ibrahim
As.)”
Dr.
Muhamad Fatoni, M.Pd.I.
Dosen UIN SATU
Tulungagung
السَّلَامُ
عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ
اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ
اَللهُ أَكْبَرُ. اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ. اَللهُ
أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ أَللهُ أَكْبَرْ كَبِيْرًا
وَالْحَمْدُ لِلّٰهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلاً، لَاإِلٰهَ
إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ، صَدَقَ وَعْدَهُ وَنَصَرَ عَبْدَهُ وَأَعَزَّ جُنْدَهُ
وَهَزَمَ الْأَحْزَابَ وَحْدَهُ، لاَإِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ
أَكْبَرُ وَلِلّٰهِ اْلحَمْدُ الْحَمْدُ ِللهِ، الْحَمْدُ ِللهِ الَّذِيْ حَمْدًا
يُوَافِيْ نِعَمَهُ وَيُكَافِئُ مَزِيْدَهُ، يَا رَبَّنَا لَكَ الْحَمْدُ كَمَا
يَنْبَغِيْ لِجَلَالِ وَجْهِكَ وَلِعَظِيْمِ سُلْطَانِكَ سُبْحَانَكَ اللَّهُمَّ
لَا نُحْصِي
ثَنَاءََ عَلَيْكَ أَنْتَ كَمَا أَثْنَيْتَ عَلَى نَفْسِكَ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَا
إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا
مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَصَفِيُّهُ وَخَلِيْلُهُ، خَيْرُ نَبِيٍّ
أَرْسَلَهُ اللهُ إِلَى الْعَالَمِ كُلِّهِ بَشِيْرًا وَنَذِيْرًا اَللَّهُمَّ
صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِ سَيِّدِنَا
مُحَمَّدٍ صَلَاةً وَسَلَامًا مُتَلَازِمَيْنِ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ أَمَّا
بَعْدُ، فَيَاأَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا
تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي الْقُرْاٰنِ
الْعَظِيْمِ. أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ بِسْمِ اللهِ
الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ: لَنْ يَّنَالَ اللّٰهَ لُحُوْمُهَا وَلَا دِمَاۤؤُهَا
وَلٰكِنْ يَّنَالُهُ التَّقْوٰى مِنْكُمْۗ كَذٰلِكَ سَخَّرَهَا لَكُمْ
لِتُكَبِّرُوا اللّٰهَ عَلٰى مَا هَدٰىكُمْۗ وَبَشِّرِ الْمُحْسِنِيْنَ
Jama’ah Idul Adha ingkang winulyo,
Monggo wonten kesempataan ingkang kebak keberkahan puniko, kito tansah ningkataken anggen kito iman lan taqwa wonten ngerso dalem Allah, kanti sekiat mungkin nindaaken punopo ingkang dados perintah ipun ugi nebihi dumateng sedoyo awisan ipun. Mugi-mugi kanti usaha ingkang istiqomah, kito dipun dadosaken golongan ipun tityang ingkang muttaqin, ingkang bejo dunyo ugi akhirat. Aamiin.
أَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ
اَللهُ أَكْبَرُ وَلِلّٰهِ اْلحَمْدُ
Jama’ah Idul Adha ingkang winulyo,
Alhamdulillah, ing enjang meniko, kulo dalah
panjenengan sami, taksih ginanjar seger kewarasan, sahinggo taksih kaparingan
Panjang yuswo, sahinggo saget pinanggih maleh kalian idul adha. Dinten ingkang
kebak Sejarah, dinten ingkang sedoyo tiyang islam dipun sunah aken nyembelih
hayawan qurban, perlu itba’ panjenengan ipun Nabi Ibrahim as. Allah Swt.
Ngendikaaken wonten Al-Quran Surat Al-Nahl (16); 123:
﴿ثُمَّ أَوۡحَيۡنَآ إِلَيۡكَ
أَنِ ٱتَّبِعۡ مِلَّةَ إِبۡرَٰهِيمَ حَنِيفٗاۖ وَمَا كَانَ مِنَ ٱلۡمُشۡرِكِينَ
١٢٣﴾
Artosipun: “Nuli ingsun paring wahyu marang siro (Muhammad), anuto siro
(Muhammad) marang agomo Ibrahim ingkang lurus. Lan deweke (Ibrahim) iku ora
termasuk golongan wong-wong kang podo nyekuthoake Allah.” (Qs. Al-Nahl (16);
123).
أَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ
اَللهُ أَكْبَرُ وَلِلّٰهِ اْلحَمْدُ
Jama’ah Idul Adha ingkang winulyo,
Nabi Ibrahim meniko satunggaling nabi ingkang
Istimewa, ingkang kagolong ulul azmi. Nabi ingkang anggadahi kesabaran lan
ketabahan ingkang ageng sanget, ngluwihi nabi ingkang lintu. Nabi Ibrahim,
pikantuk derajat meniko ing antawis ipun keranten panjenengan ipun kiat, lan
sabar dipun uji kalian ujian ingkang awrat sanget.
Sepisan, Nabi Ibrahim dipun uji kalian geni. Rikolo
piyambakipun sumerep ingkang dipun lampahi Raja Namrut sak bolonipun, nyembah
dateng braholo. Nabi Ibrahim lajeng ngrusak braholo-braholo meniko. Namrut
ingkang sumerap, lajeng damel “api unggun ingkang ageng”. Nabi Ibrahim dipun
uncalaken dateng sak lebetipun geni meniko, piyambak ipun boten ajrih, lan
tetep sabar. Lajeng Allah paring pitulung.
Kaping kalih, Nabi Ibrahim dipun uji, ninggalaken
garwo lan putranipun ingkang nembe kemawon lahir wonten ing jurang ingkang
tandus, mboten wonten tanduran ingkang cukul, ugi mboten wonten toyo. Nabi
Ibrahim tetep tatag atinipun, nderek aken printah saking ngerso dalem Allah
Swt.
Kaping tigo, Nabi Ibrahim dipun uji supados nyembelih
ingkang putro ingkang taksih nedheng lucu-lucunipun. Putro ingkang dangu dipun
rantosipun. Putro ingkang dipun tresnani, piyambakipun tetep ndherek
perintahipun Allah, kanthi Ikhlas, lan sabar. Ujian meniko ingkang dados cikal
bakal ibadah qurban ingkang kito lampahi.
أَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ
اَللهُ أَكْبَرُ وَلِلّٰهِ اْلحَمْدُ
Jama’ah idul adha ingkang dipun Rahmati Allah,
Keranten ujian ingkang awrat meniko, Nabi Ibrahim
dipun angkat drajat ipun dados nabi ingkang pinunjul, dados nabi ingkang
kajuluk kholilullah, sak sampun ipun lulus saking ujian-ujian ingkang awrat
sanget. Meniko minongko dados pepiling kagem kulo dalah panjenengan sami, bilih
menawi kito kepengen dipun angkat drajat ipun, kito kedah lulus saking
ujian-ujian ingkang awrat, ingkang mawarni-warni. Sampun bayangaken, bilih urip
mulyo mboten mawi ujian sedoyo meniko mawi ujian lan perjuangan ingkang mboten
gampil.
Nabi Ibrahim dipun uji kanthi perkawis ingkang saget
bebayani dateng rogo nipun, dateng gesangipun, rupi geni. Dipun uji pisah kalih
tiang-tiang ingkang dipun remeni lan sayangi, rupi garwa lan anakipun. Dipun
uji kanthi perkawis ingkang langkung berat maleh rupi nyembelih putro kinasih
ipun. Panjenengan ipun lulus. Lajeng diangkat derajat ipun dados nabi ingkang
pinunjul.
Niki nedahaken, bilih soyo awrat ujian, menawi saget
nglampahi kanthi sae lan sabar, derajat ingkang dipun paringaken ugi inggil.
Panjenengani pun Rasulullah Saw. Paring pemut wonten salah setunggalipun
hadits:
عَنْ أَنَسِ بْنِ مَالِكٍ
رَضِيَ اللَّهُ عَنْهُ عَنْ رَسُولِ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ
قَالَ: (إِنَّ عِظَمَ الْجَزَاءِ مَعَ عِظَمِ الْبَلَاءِ وَإِنَّ اللَّهَ إِذَا
أَحَبَّ قَوْمًا ابْتَلَاهُمْ فَمَنْ رَضِيَ فَلَهُ الرِّضَا وَمَنْ سَخِطَ فَلَهُ
السُّخْطُ)
Artosipun: “Saking Anas bin Malik Ra. Saking
Rasulullah Saw. Ngendiko: ‘Sak temene agunge piwales sartane agunge cobo. Lan
sak temene Allah naliko demen marang sijine kaum, mongko paring cobo marang
kaum mau. Sing sopo ridho, mongko kanggone wong iku Ridhone Allah, lan sing
sopo bendhu, mongko kanggone wong iku bendhune Allah’.” (HR. Al-Turmudzi lan
Ibnu Majah).
Jama’ah Idul Adha ingkang winulyo,
Keranten meniko, sejatosipun bala’, utawi ujian,
haqiqot ipun meniko tondo bilih tiang meniko dipun remeni dening. Sedayanipun
tiang gesang meniko dipun uji. Wonten kalanipun dipun uji kanti kirang ipun
ekonomi, sudo Kesehatan ipun, dipun uji kanthi keluargo nipun, dipun uji kanthi
wong tuo, bojo, anak, morotuo lan lintu-lintunipun. Sedoyo kolowahu perlu
ningkataken kualitas iman, islam, ihsan, kulo panjenengan sami, ugi kedewasaan
kulo panjenengan sami.
Mboten cekap mekaten bahkan kenikmatan ingkang dipun
paringaken dateng kito, kados dene bondo dunyo ingkang kathah, anak bojo
ingkang taat, meniko ugi cobo saking ngerso dalem Allah.
Kathah piyantun ingkang dipun cobo rupi kekirangan,
kados kirang ekonomi, kirang sehat, kirang pinter, sami lulus. Tapi kathah
piyantun ingkang dipun uji mawi jembaripun rezeki, badan ingkang sehat, akal
ingkang limpat justru mboten kiat. Milo symbol saking ujian kenikmatan meniko,
Nabi Ibrahim dipun perintah supados nyembelih dateng putro nipun. Kenikmatan
ingkang langkung unggul dipun bandingaken kalian bondo donyo isinipun. Nabi
Ibrahim dipun uji eman putro punopo manut dateng perintahipun Gusti Allah Swt.
Ingkang nitahaken. Nabi Ibrahim pilih ndherek printahipun Gusti Allah Swt. Allah Swt. Ngendika aken:
﴿إِنَّ
هَٰذَا لَهُوَ ٱلۡبَلَٰٓؤُاْ ٱلۡمُبِينُ ١٠٦ وَفَدَيۡنَٰهُ بِذِبۡحٍ عَظِيمٖ ١٠٧
وَتَرَكۡنَا عَلَيۡهِ فِي ٱلۡأٓخِرِينَ ١٠٨ سَلَٰمٌ عَلَىٰٓ إِبۡرَٰهِيمَ ١٠٩
كَذَٰلِكَ نَجۡزِي ٱلۡمُحۡسِنِينَ ١١٠ إِنَّهُۥ﴾
Artosipun: “Sak temene iki yekti Bala’ sing nyoto.
Lan ingsun (Allah) nebus kanti sembelihan kang agung. Lan ingsung ninggal
kanggo deweke (pujian kang agung) ono wong-wong sing tumeko akhir. Keselametan
kanggo Ibrahim. Kayo mangkono ingsun males marang wong kang podo gawe bagus
kabeh.” (Qs. Al-Shaffat (37); 106-110).
Jama’ah Idul Adha ingkang winulyo,
Milo saking meniko wonten tiap Idul Adha sedoyo
tiang islam dipun sunnah aken nyembelih hayawan qurban. Meniko minongko itba’
nabi Ibrahim. Ugi perlu nglatih dateng nafsu kito sami, ingkang supados sadar,
bilih sedoyo ingkang kito miliki, meniko haqiqot ipun namung titipan saking
Allah Swt. Ingkang sak wanci-wanci dipun pundut, mboten wonten ingkang saget
nolak.
Sedoyo kedadosan ingkang wonten sak lebetipun alam
donyo meniko, mboten sanes nderek garis ingkang sampun dipun garisaken Allah
awit zaman azali. Ananging, kito anggadahi kewajiban ikhtiar ingkang supados
“garis meniko sae”. Garis ingkang sae meniko kedah kito tebus kanthi ikhtiar
ingkang saestu. Mawi pengorbanan ingkang ageng. Meniko cocok kalian ngendikanipun
Allah Swt. Wonten Al-Qur’an Surat Al-Baqarah (2);
155-157:
﴿وَلَنَبۡلُوَنَّكُم بِشَيۡءٖ مِّنَ ٱلۡخَوۡفِ وَٱلۡجُوعِ وَنَقۡصٖ
مِّنَ ٱلۡأَمۡوَٰلِ وَٱلۡأَنفُسِ وَٱلثَّمَرَٰتِۗ وَبَشِّرِ ٱلصَّٰبِرِينَ ١٥٥
ٱلَّذِينَ إِذَآ أَصَٰبَتۡهُم مُّصِيبَةٞ قَالُوٓاْ إِنَّا لِلَّهِ وَإِنَّآ
إِلَيۡهِ رَٰجِعُونَ ١٥٦ أُوْلَٰٓئِكَ عَلَيۡهِمۡ صَلَوَٰتٞ مِّن رَّبِّهِمۡ
وَرَحۡمَةٞۖ وَأُوْلَٰٓئِكَ هُمُ ٱلۡمُهۡتَدُونَ ١٥٧﴾
Artosipun: “Lan yekti ingsun bakal paring cobo
temen kanti setitik roso wedi, luwe, lan kurange bondo, jiwo, lan woh-wohan,
lan aweho kabar seneng siro (Muhammad) marang wong kang podo sobar. Yoiku wong
kang nalikane keno musibah, podo ngucap “Ingsun keduwene Gusti Allah, lan sak
temene namung dumateng Allah ingsun podo bali kabeh. Wong iku kabeh podo oleh
rahmat lan kawelasan soko pengerane, lan wong iku kabeh wong kang podo oleh
pituduh.
Jama’ah Idul Adha ingkang winulyo,
Mugi-mugi kito tansah kaparingan kekiyatan lan
kesuksesan menawi dipun paringi cobo. Mugi kito kagolong tiang ingkang sami
sabar lan pikantuk pitedah saking ngerso dalem Allah. Ing akhiripun sak wanci
kapundut, dipun paringi husnul khatimah. Aamiin yaa Rabbal’aalamiin.
بَارَكَ
اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْاٰنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَاِيَّاكُمْ بِمَا
فِيْهِ مِنَ الْاٰيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ
تِلَاوَتَهُ اِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ. وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ
الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ فَيَا
فَوْزَ الْمُسْتَغْفِرِيْنَ وَيَا نَجَاةَ التَّائِبِيْنَ
Khutbah II
اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ
اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ
وَلِلّٰهِ الْحَمْدُ الْحَمْدُ للهِ الَّذِيْ أَنْعَمَنَا بِنِعْمَةِ الْاِيْمَانِ
وَالْاِسْلَامِ. وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ خَيْرِ
الْأَنَامِ. وَعَلٰى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ الْكِرَامِ. أَشْهَدُ اَنْ لَا اِلٰهَ
اِلَّا اللهُ الْمَلِكُ الْقُدُّوْسُ السَّلَامُ وَأَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا
وَحَبِيْبَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صَاحِبُ الشَّرَفِ
وَالْإِحْتِرَامِ أَمَّا بَعْدُ،
فَأُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللّٰهِ
عَزَّ وَجَلَّ وَاتَّقُوا اللهَ تَعَالَى فِي هَذَا الْيَوْمِ الْعَظِيمِ،
وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ عَظِيْمٍ، أَمَرَكُمْ بِالصَّلَاةِ
وَالسَّلَامِ عَلَى نَبِيِّهِ الْكَرِيْمِ فَقَالَ: إِنَّ اللّٰهَ وَمَلَائِكَتَهُ
يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ
وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا،
اللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ
وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا وَنَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ
الطَّيِّبِيْنَ، وَارْضَ اللّٰهُمَّ عَنِ الْخُلَفَاءِ الرَّاشِدِينَ، أَبِي
بَكْرٍ وَعُمَرَ وَعُثْمَانَ وَعَلِيٍّ، وَعَنْ سَائِرِ الصَّحَابَةِ الصَّالحينَ وارحمنا معهم برحمتك يا أرحم الراحمين.
اللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِينَ
وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِينَ وَالْمُؤْمِنَاتِ، الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ
وَالْأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيعٌ قَرِيبٌ مُجِيبُ الدَّعَوَاتِ،
اللّٰهُمَّ اجْعَلْ عِيدَنَا
هَذَا سَعَادَةً وَتَلاَحُمًا، وَمَسَرَّةً وَتَرَاحُمًا، وَزِدْنَا فِيهِ
طُمَأْنِينَةً وَأُلْفَةً، وَهَنَاءً وَمَحَبَّةً، وَأَعِدْهُ عَلَيْنَا
بِالْخَيْرِ وَالرَّحَمَاتِ، وَالْيُمْنِ وَالْبَرَكَاتِ،
اللّٰهُمَّ اجْعَلِ الْمَوَدَّةَ
شِيمَتَنَا، وَبَذْلَ الْخَيْرِ لِلنَّاسِ دَأْبَنَا اللّٰهُمَّ أَدِمِ
السَّعَادَةَ عَلَى وَطَنِنَا، وَانْشُرِ الْبَهْجَةَ فِي بُيُوتِنَا،
وَاحْفَظْنَا فِي أَهْلِينَا وَأَرْحَامِنَا، وَأَكْرِمْنَا بِكَرَمِكَ فِي الدُّنْيَا
وَالْآخِرَةِ،
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً، وَفِي
الْآخِرَةِ حَسَنَةً، وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ، وَأَدْخِلْنَا الْجَنَّةَ مَعَ
الْأَبْرَارِ، يَا عَزِيزُ يَا غَفَّارُ
عِبَادَ اللهِ، إنَّ اللهَ
يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإحْسَانِ، وَإِيْتَاءِ ذِي الْقُرْبَى ويَنْهَى عَنِ
الفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ،
فَاذكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ، عِيْدٌ
سَعِيْدٌ وَكُلُّ عَامٍ وَأَنْتُمْ بِخَيْرٍ

Tidak ada komentar:
Posting Komentar