السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
بسم الله
الرحمن الرحيم الحمد لله رب العالمين والصلاة والسلام على أشرف الأنبياء والمرسلين
سيدنا ومولانا محمد وعلى أله وأصحابه أجمعين لاحول ولا قوة إلا بالله العلي العظيم.
أما بعد.
· Dumateng
poro bapak alim-ulama’, bapak kiai, poro sepuh, pinisepuh, ingkang tansah kulo
hormati, khususipun bapak kepala sekolah SDN Slemanan 01 ingkang tansah kulo
hormati.
·
Dumateng poro bapak/ibu guru SDN Slemanan 01 ingkang
tansah kulo hormati.
·
Bapak/ibu wali murid ingkang kulo hormati
·
Tamu undangan ingkang tansah kulo hormati
·
Mboten kesupen konco-konco murid SDN Slemanan 01 ingkang
kulo tresnani
Sepisan, monggo kito tansah muji Syukur wonten ngerso
dalem Allah Swt. Ingkang tansah paring Taufiq, hidayah, ugi kenikmatan, sehinggo
kito saget kempal manunggal wonten meniko papan pinarakan kanthi kawonten sehat,
wilujeng, mboten manggihi alangan setunggal punopo.
Angko kalih, Sholawat salam mugi katur kunjuk wonten
ngarso dalem junjungan kito Nabi Agung Muhammad Saw. Ingkang sampun paring
petedah wiwit zaman jahiliah dumugi zaman Islamiyah.
Angko tigo, kulo jumeneng wonten ngarso panjenengan
sami, minongko sesulih saking sedoyo konco-konco kelas enem. Sepisan, kulo sak
konco ngaturaken agungipun panuwun dumateng sedoyo bapak/ibu guru, khususipun
bapak kepala sekolah ingkang sampun paring bimbingan, arahan, piwulangan
sehinggo kulo sak konco saget mangertos pundi ingkang sae, lan pundi ingkang
awon. Pundi ingkang kedah dipun lampahi lan pundi ingkang dipun tebihi. Sepisan
malih atas nami sesulih saking konco-konco kelas enem kulo ngaturaken agungin
panuwun kanti kairing do’a “Jazakumullahu khairati wasa’adatid dunyaa
walaakhirah”, Aamiin.
Kaping kalih, atas nami sesulih saking konco-konco
nyuwun agunging pangapunten, dumateng bapak/ibu guru mbok bilih salami bibinahu
wonten sekolah kathah solah bowo, tindak lampah ingkang mboten mranani
penggalih, ugi kesalahan lan kekhilafan, sengojo utawi mboten. Sepisan malih
atas nami sesulih konco-konco nyuwun agungin sih samudro pangaksami dumateng
bapak/ibu guru.
Kaping tigo, kulo sak konco nyuwun do’a pangestu
dumateng bapak/ibu guru sedoyo, mugi-mugi ilmu ingkang sampun kulo sak konco
pikantuk wonten sekolah meniko, dados ilmu ingkang barokah, ingkang manfaat
fiddini, waddunyaa, wal akhirah. Aamiin.
Kulo sak konco ugi nyuwun do’a pangestu mugi-mugi
anggenipun bibinahu wonten, sekolah, madrasah, utawi pondok ingkang sak
lajengipun dipun paringi kelancaran, dipun Paringi istiqamah, ingkang akhiripun
dipun paringi sukses, hasil nopo ingkang dados cita-citanipun, Aamiin.
Poro bapak/ibu mekaten ingkang saget kulo aturaken
minangkani sesulih saking konco-konco kelas enem. Sepisan malih ngaturaken
agunging panuwun ugi nyuwun agunging pangapunten ingkang sak kathah-kathah
ipun. Saking kulo, kulo cekapi semanten. Wonten khilaf wiwit awal ngantos akhir,
nyuwun pangapunten ingkang sak kathah-kathah ipun.
وَبِاللهِ
التَّوْفِيْقُ وَالْهِدَايَةُ
والسلام
عليكم ورحمة الله وبركاته

Tidak ada komentar:
Posting Komentar