Teks MC Yasinan Mawi Boso Jawi
Dumateng poro ‘alim ulama’ ingkang tansah kawulo hormati
Dumateng ibu ketua jam’iyah yasinan ingkang kawulo hormati
Shahibul bait sekeluargo ingkang kawulo hormati
Ugi dumateng ibu-ibu, sederek sedoyo, anggota jama’ah yasinan putri
ingkang kawulo mulyaaken
Sepisan monggo kito tansah muji syukur wonten ngerso dalem Allah
swt, dene menopo ngantos dumugi kesempatan meniko, kawulo dalah panjenengan
sami katakdiraken saget sareng-sareng kempal manunggal wonten meniko papan
pinarakan kanthi kawontenan sehat wilujeng mboten manggihi alangan setunggal
menopo.
Angka kalih, shawalat salam mugi tansah katur kunjuk dumateng gusti kitho kanjeng Nabi Muhammad saw ingkang tansah kito ajeng-ajeng syafa’at ipun wiwit dinten meniko ngantos dinten kiyamat. Mugi-mugi kawulo panjenengan sami tansah dipun aku umat ipun lan pikantuk syafaat ipun. Aamiin yaa Rabbal’aalamiin.