MC REUNI

 


MC REUNI



السلام عليكم ورحمة الله وبركاته

بسم الله الرحمن الرحيم الحمد لله رب العالمين وبه نستعين على أمور الدنيا والدين والصلاة والسلام على أشرف المرسلين وعلى أله وصحبه أجمعين لا حول ولا قوة إلا بالله العلي العظيم أما بعد

Dumateng Poro Bapak alim ulama’, poro kyai, sesepuh, pinisepuh dalah ingkah dipun sepuhaken ingkang kawulo hormati

Para bapak/ibu tamu undangan ingkang tansah kawulo hormati

Ugi mboten kesupen shohibul bait ingkang tansah kawulo mulyaaken

Sepisan monggo kito tansah muji syukur wonten ngerso dalem gusti Allah swt. dene menopo kulo dalah panjenengan sami ngantos dumugi wekdal meniko taksih ginanjar seger kewarasan sahingga saget sareng-sareng kempal manunggal wonten meniko papan kanti kawontenan sehat wilujeng mboten manggihi alangan setunggal menopo wonten acara reuni keluargo Bani ...

Mugi-mugi kempal kito meniko kacatet dados amal hasanah fiddini waddunya walaakhirah. Aamiin

Angka kalih sholawat ugi salam mugi katur kunjuk wonten ngerso dalem junjungan kito, Nabi Agung Muhammad Saw ingkang tansah kita ajeng-ajeng syafa’at ipun min yaumina hadza ilaa yaumil qiyaamah. Aamiin

Sak lajeng ipun minangkani pranoto acoro wonten kesempatan wekdal meniko, mboten perlu kawulo panjanglebaraken anggen kawulo matur wonten ngerso panjenengan sami. Langsung kemawon kawulo waosaken susunan adicoro wonten kesempatan meniko.

Adicoro ingkang sepisan pembikaan

Waosan ayat suci al-Qur’an kados biyasanipun kawulo panggenakan wonten susunan adicoro ingkang ongko kalih.

Adicoro ongko tigo sambutan....

.....................................................

.....................................................

.....................................................

Wondene acoro bade katutup kanti waosan do’a.

Para rawuh ingkang kawulo hormati

Minggah dateng adicoro ingkang ongko sepisan inggih meniko pembikaan. Sumongga adicoro meniko kito bikak kanti waosan surat al-fatihah. Al-fatihah...1x

Matursembah nuwun kawulo aturaken.

Minggah dumateng adicoro ingkang ongko kalih inggih meniko waosan ayat suci al-Qur’an. Dumateng panjenenganipun bapak .... kawulo aturaken.

Shodaqallahul’adzim 3x wabarakallahu lanaa walakum fil-qur’anil karim. Dumateng panjenenganipun bapak..... kawulo aturaken matursembah nuwun.

Minggah dateng adicoro ingkang ongko ...... inggih meniko.... ingkang bade kaaturaken dening panjenenganipun bapak .... dumateng panjenenganipun kawulo aturaken.

Mekaten kalawahu ....... ingkang dipun aturaken panjenenganipun bapak …. dumateng panjenenganipun bapak .... kawulo aturaken matursembah nuwun.

.......dst.

Poro bapak poro rawuh ingkang kawulo hormati, minggah dumateng adicoro ingkang terakhir inggih meniko waosan do’a ingkang bade dipun aturaken panjenenganipun bapak … dumateng panjenenganipun kawulo aturaken.

Alhamdulilllahirabbil’aalamiin. Adicoro wonten wekdal meniko sampun kalampah kanti lancar mboten wonten alangan setunggal menopo. Wonten mriki kawulo minangkani pranoto acoro wontenipun reuni keluarga bani …. Awit awal ngantos akhir, mbok bilih wonten hal-hal ingkang mboten mranani penggalih panjengan sami, kawulo naming saget nyuwun agunging samudero pangaksami dumateng panjenengan sami. Akhiripun saking kawulo, kawulo cekapi semanten.

بالله التوفيق والهداية

والسلام عليكم ورحمة الله وبركاته

 

Komentar