Jumat, 22 Mei 2020

Methik Hikmah Sak Lebete Musibah


Khutbah I Idul Fitri

Methik Hikmah Sak Lebete Mushibah

السَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ

اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَر *ُ اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ *اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ * لآ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ * اللهُ أَكْبَرُ وِللهِ الْحَمْدُ*
اَلْحَمْدُ للهِ رَبِّ الْعَالَمِيْن* أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ الْمَلِكُ الْحَقُّ الْمُبِيْن* وَ أَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صَادِقُ الْوَعْدِ الْاَمِيْن * اَللَّهُمَّ صَلِّ وَ سَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ اَجْمَعِيْن *
أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ *أُوْصِيْكُمْ وَاِيَّايَ بِتَقْوَاللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ ،. قَالَ اللهُ تَعَالَى, اَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْم, بسم الله الرحمن الرحيم, يَااَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقُاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مَسْلِمُوْن


Hadirin hadirot Jama’ah riyadin Fitri ingkang minulyo

Langkug rumiyen monggo kito sami nambahi anggen kito iman lan taqwa wonten ngerso dalem Allah Swt. kanthi sekiyat mungkin kito nglampahi nopo ingkang dados perintah-perintahipun ugi nebihi dumateng sedoyo awisan utawi cegahipun. Kanti modal iman lan taqwa, kulo ugi panjenengan sami badhe dados tiyang ingkang bejo wonten dunyo langkung-langkung wonten akhirot ipun.

اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ وَللهِ الْحَمْدُ
Hadirin hadirot jama’ah idil fitri ingkang minulyo

Monggo kito sami nambahi syukur wonten ngerso dalem Allah Swt, bilih wonten ing tengah-tengah kondisi ingkang gegirisi, arupi wontenipun wabah penyakit Covid-19, ingkang kuncoro kanthi aran Corona, kulo lan panjengan sami pikantuk kanugrahan saking ngerso dalam Allah saget nindaaken siyam wonten wulan Ramadhan kanthi thuthuk hinggo saget panggih dinten kamenangan ingkang dipun tenggo inggih meniko ‘idil fitri.

اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ وَللهِ الْحَمْدُ
Hadirin hadirot jama’ah idil fitri ingkang winulyo
Bejo kemayangan sanget kangge tiyang Islam ingkang purun nglampahi dateng siyam Ramadhan, ngatah-ngatahaken anggenipun tha’at wonten ngerso dalem Allah wonten rino lan wengi nipun wulan Ramadhan, selajeng nyampurnaaken kanthi ngedalaken zakat fitrah, ugi zakat maal, emut dumateng gusti Allah sarana nutur asmanipun Allah, ateges takbiran, lajeng nglampahi sholat idil fitri. Allah Swt ngendiko wonten al-Qur’an:
قَدْ اَفْلَحَ مَنْ تَزَكَّى. وَ ذَكَرَ اسْمَ رَبِّهِ فَصَلَّى
Artosipun: “Estu bejo tiyang ingkang sami bersihaken dirinipun, nyebat asmanipun lan nglampahi shalat”. (Surat al-A’la (87); 14-15)
Mugi-mugi Allah Swt nampi dumateng siyam kulo lan panjenengan sami, shalat tarawih, qiyam lail, zakat, ugi amal-amal linthunipun saklebete wulan Ramadhan dumugi enjing idil fitri meniko. Nyababiyahi kulo lan penjengan sami dados suci tanpo doso kados lahir kulo lan panjenegan saking guwo garbanipun ibu.
اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ وَللهِ الْحَمْدُ
Hadirin-hadirot jama’ah idil fitri ingkang winulyo, idul fitri tahun meniko mboten sami kaliyan idil fitri ingkang sampun-sampun. Allah paring dateng kulo lan panjengan sami ugi sedoyo menungso wonten ing ngalam dunyo musibah arupi wabah covid-19, Corona. Estu, wabah meniko menawi kito angen-angen kanthi saestu merupakan pepenget dateng kito sedoyo supados langkung kathah anggenipun ngeparek dateng Allah, istighfar, nyuwun ngapunten dateng Allah, ugi ngathah-ngathahaken shalawat dateng kanjeng Nabi sarono maos sholawat. Estu, menawi kito tansah keparek Allah, ugi Rasulullah Saw. wabah meniko enggal dipun pendhet kaliyan Allah. Allah Swt ngendiko wonten al-Qur’an:
وَمَا كَانَ اللَّهُ لِيُعَذِّبَهُمْ وَأَنْتَ فِيهِمْ وَمَا كَانَ اللَّهُ مُعَذِّبَهُمْ وَهُمْ يَسْتَغْفِرُونَ (33)
Artosipun: Lan Allah ora teko nekso marang kaum, sedeng siro (Muhammad) ono ing dalem kaum mau, lan Allah ora teko nekso kaum, sedeng kaum iku podo nyuwun ngapuro. (Al-Anfal (8); 33)
Milo, kito pethik hikmah wonten sak lebete musibah meniko. Kulo lan panjengan kathah anggenipun nilar dateng printahipun, milo monggo riyaden fitri meniko kito tekad aken, kito tambahi anggen kito ndherek dawuh-dawuhipun. Kalawingi kito kirang anggenipun gatosaken babagan sesuci/kebersihan awit dinten meniko langkung kito gatosaken maleh. Sampun ngantos kito nglerwaaken babagan kebersihan lan kesucian meniko, sahe kesucian badan, pakaain, panggenan, sesrawungan, ugi kesucian ati kulo lan panjenengan sami. Kebersihan ugi kesucian meniko printahipun Allah Swt ugi Rasulullah Saw. Milo kebersihan lan kesucian meniko nedahaken kualitas iman kulo lan panjengengan sami.
Mugi-mugi, kito sedoyo dipun slanetaken saking sedoyo bala’ khususipun wabah corona meniko, Keluarga kito ugi sedoyo umat Islam. Lan mugi-mugi Allah enggal mendet bala’ meniko, lan paring gantos panguripan ingkang ayem lan tentrem. Mugi-mugi wonten riyaden fitri meniko kito sami dipun paringi fitroh, suci kados rikolo lahir saking guwo garbaning ibu, sakwanci-wanci kapundhut kaparingan husnul khatimah. Aamiin ya Rabbal Alamin.
جَعَلَنَا اللهُ وَإِيَّاكُمْ مِنَ اْلعَائِدِيْنَ وَاْلفَائِزِيْن*َ وَأَدْخَلَنَا وَإِيَّاكُمْ فِى زُمْرَةِ عِبَادِهِ الصَّالحِيِنْ* وَقُلْ رَبَّ اغِفِرْ وَاْرحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْن



Khutbah ke-2
اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَر *ُ اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ* اللهُ أَكْبَرُ, كَبِيْرًا وَالْحَمْدُ للهِ كَثِيْرًا * وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلاً * لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ أَكْبَرْ * اللهُ أَكْبَرُ وَللهِ اْلحَمْدُ *
اَلْحَمْدُ ِللهِ اْلمَلِكِ اْلحَنَّانِ* أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ الْوَاحِدُ اْلمَنَّانُ* وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدِنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّعِى إِلَى الْجِنَانِ* اَللَّهُمَّ صَلِّ وَ سَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أُوْلِى اْلعِرْفَانِ *
أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ الله، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِى بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ* وَاْعلَمُوْا أَنَّ يَوْمَكُمْ هَذَا يَوْمُ اْلعِيْدِ وَيَوْمُ اْلفَرَحِ وَالسُّرُوْرِ* قَالَ اللهُ تَعَالَى, اَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْم, بسم الله الرحمن الرحيم * إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيّ, يَآأَيُّهَا الَّذِيْنَ آَمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا* اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ * وَعَلَى آَلِهِ وَصَحْبِهِ اَجْمَعِيْن * وَ الْحَمْدُ للهِ رَبِّ الْعَالَمِيْن * اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ* وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ* اَلْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَ اْلاَمْوَات* اَللَّهُمَّ انْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ* وَأَلِّفْ بَيْنَ قُلُوْبِ الْمُؤْمِنِيْنَ * وَفَرِّجْ عَنِ اْلمَكْرُوْبِيْنَ* وَاقْضِ الدَّيْنَ عَلَى اْلمَدْيُوْنِيْنَ* اَللَّهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلغَلاَءَ وَالْبَلاَءَ وَالْوَبَاءَ وَالْفَحْشَاءَ وَاْلمُنْكَرَ وَاْلبَغْيَ وَالسُّيُوْفَ اْلمُخْتَلِفَةَ وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ مِنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَةً وَمِنْ بُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عَامَةً إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ * رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَّ فِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَّ قِنَا عَذَابَ النَّار* وَ الْحَمْدُ للهِ رَبِّ الْعَالَمِيْن. آمِيْن يَا رَبَّ الْعَالَمِيْن.
السَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ


Tidak ada komentar:

Posting Komentar